Breaking News

Rabu, 16 Agustus 2017

Nyuwun ridlonipun Alllah SWT lumantar Peringatan HUT RI ke 72

Assalamualaikum. ..



Menawi Tresna kaliyan Bangsa Indonesia monggo sami dherekake napa kang Allah tuntun, Ampun sami dilanggar napa ingkang Allah paring dhawuh kagem kita marga Dunya lan Negara Indonesia  niki kagungan Allah SWT”

Tulisan kang ora ana apa – apane niki cuman kagem pangemut kaliya penulis kang kebak kaliyan dosa. Kanggo para mudha monggo sami nerapake perkoro kang cilik conton sholat limang waktu kanthi tepat, mengerjakan puasa, wonten malih contonipun monggo latihan ngagem rasukan syar’i kanggo generasi enom kaum hawa lan ngedohi opo kang sampun dilarang.

Monggo generasi bangsa , ana ing peringatan 17 agustus 2017 iki tepat kaliyan HUT  Republik Indonesia. Monggo sami dhereke syariat kang uwis Rasullullah tuladhaaken. Ridha Allah mesti bakal kasembadan menawi kita nerapake syaria’at Islam, insya allah kedholiman ora bakal ana. Mergo kita patuh lan ajreh kaliyan Allah SWT.“ niki wujud tresna Tanah air kang sak benere “

Dengan Bahasa Indoesia.


Assalamualaikum ...

Jika cinta Tanah air marilah kita mengikuti apa yang allah tuntun, jangan dilanggar apa yang Allah perintahkan, karena tanah air ini milik Allah SWT, bumi ini milik Allah SWT.

Tulisan yang tidak berarti ini Cuma renungan untuk penulis yang jauh dari kesempurnaan dan sebagai renungan, pengingat bagi calon generasi muda .


Monggo kaum muda marilah bersama – sama memulai dari yang kecil.Terapkan apa yang allah perintahkan dalam diri kita sendiri seperti : sholat 5 waktu, mengerjakan  puasa, mengenakan hijab syar’i dan jauhilah apa yang Allah larang.
Mulailah ikuti syariat yang telah Rasullah contohkan. Ridho Allah akan kita dapatkan jika kita mengikutibapa yang telah Allah inginkan.

Jika semuanya menerapkan Islam, dan negeri ini sama – sama menerapkannya,Insya Allah kedholiman tidak ada lagi, karena kita semua patuh dan takut kepada Allah, itulah makna tanah air yang sesungguhnya.
Baca selengkapnya ...

Jumat, 11 Agustus 2017

Soal Latihan UTS 1 Bahasa Jawa Kelas 4

Soal Latihan UTS 4 ( sinau )

Alhamdulillah wonten ing wekdal sak meniko taksih dipun paringi pinten-pinten kenikmatan dening Gusti Allah ingkang Maha Welas lan Maha Asih sehingga saget sinau ugi praktek ndamel soal ingkang saget dipun jawab wonten pundi kemawon kanti online. 

Keranten taksih sinau, kawulo nyuwun pangapunten mbok bilih taksih katah kirangipun, sumonggo ingkang bade njawab latihan soal Ulangan Tengan Semester 1 Kagem Mata Pelajaran Bahasa Jawi Kelas 4 :

Baca selengkapnya ...

Sinau Arabic Enable ana ing BDK Semarang

Sinau Arabic Anabel

Sinau Arabic Enable ana ing BDK Semarang

Assalamualaikum wr. wb

Sugeng sonten kagem ingkang tresna kaliyan blog Bahasa Jawa.


Wonten ing Kalodangan menika kula cubi mbageagake ilmu saking BDK Semarang. Mugi - mugi ilmu menika saget bermanfaat kagem rencang guru Madrasah wonten ing Indonesia.
Guru Madrasah kedah saget Arabic Enable, sumonggo saget dipun pirsani mugio wonten manfaatipun.

Baca selengkapnya ...

Kamis, 10 Agustus 2017

Sejarah Kabupaten Grobogan

Sejarah Kabupaten Grobogan

Miturut cerito ingkang sumebar ana  ing daerah Kabupaten  Grobogan, Zaman Biyen pasukan Demak saka pimpinan Sunan Ngudung lan Sunan Kudus nyerbu menyang puser kerajaan Mojopahit. Ing jero pertempuran kesebut pasukan Demak nyaka kemenangan gemilang. Ambrola kerajaan Mojopahit. Nalika Sunan Ngundung mleboni Istana, dheweke nemu akeh pusaka Mojopahit sing ditinggalake. Benda-benda kuwi dikumpulake lan dimlebokake sakjroning siji grobog, banjur digawa dadi barang boyongan menyang Demak.
Kadadean kesebut gawe bungahe ati Sunan Ngudung. Dadi kenangan, mula panggon kesebut diwenehi jeneng Grobogan yaiku panggon ngrupa grobog.

Ing dhuwur sampun digenahake, menawi grobog yaiku siji kotak persegi dawa sing digunakne kanggo nyimpan dhuwit utawa barang sing digawe saka kayu. Sok-sok nduwe bentuk bunder, ben gampang nggawane lan karo cepet bisa dislametake yen ana bahaya ingkang ngancam, kaya ta bahaya kobongan. 


Ning grobog uga bisa nduwe arti kandang sing nduwe bentuk kotak kanggo ngangkut kewan buas (kayata: macan) pakoleh tangkepan saka perburuan. Grobog kesebut bisa uga digunakne dadi piranti panangkep macan. Grobog iki biyasa karan Grobog utawa bekungkung (nek cilik karan: jekrekan kanggo nangkep tikus) (Geriecke lan Roorda, 1901 : 569).

Tlatah Grobogan asale saka tembung Grobog menawa digawe salam pangucapane dadi "grogol".
Yaiku piranti kanggo nyekel kewan buas. Ing Kotamadya Surakarta ana desa nduwe jeneng Grogolan, sing mbiyen digunakake kanggo panggon ngumpulake macan pakoleh perburuan (digrogol utawa dikrangkeng). Ing watesan Kotamadya Surakarta karo Kab. Dati II Sukoharjo ana desa sing nduwe jeneng desa Grogol, Kec. Grogol, dheweke daerah perburuan Sunan Surakarta lan Pajang nang zaman kerajan.

Grobogan yaiku siji daerah sing digunakake dadi tlatah perburuan. Lan jebulane tlatah iki dadi wewengkon perburuan Sultan Demak (Atmodarminto, 1962 : 119) utawa wewengkon kanggo ndelik para bandit lan penyamun zaman kerajan Demak Pajang (Atmodarminto, 1955 : 123). Nang zaman Kartasura wrwengkon
 iki dadi wewengkon kang dadi panggon netepke pahlawan gagah an ing sakjeroning tanding (Babad Kartosuro, 79), kaya ta : Adipati Puger, Pangeran Serang, Ng. Kartodirjo, lan liya-liyane.

Kanjeng Sultan karsa lelangen, amburu sato ing wanadri, Trenggono kadherekaken para abdi, nggaring sela wus laju maring anggrogol sato wana. (Admadarminto, 1062 : 19).

Ing jero abad XIX, wewengkon Grobogan ngrupakne daerah kanggo ndelik para pahlawan rakyat babagan kuwasankolonial Belanda, bebarengan karo tlatah Sukowati. Wewngkon iki cocok banget dadi salah sijineng panggonan kang gunane dirnggo ndelik, amarga ngrupakne daerah alas jati sing lebat lan gunung gunung.

Sakmeniko asal usul utawa sejarahe kabupaten Grobogan, Jawa Tengah ing bahasa Jawa, mugi saget menehi manfaat.
Baca selengkapnya ...

Rabu, 09 Agustus 2017

Muhasabah Ngripto Ati Sak Utawis


Angerindu dalu kang saya adem...
Nilarake kabeh rasa kang wes cumepak
Kabeh wes kadung tumoto rapi...
Lan ora bakal bisa sirna saka ati... 

Monggo sami nata ati ingkang sedih mergo permasahan urip monggo dipuntinggalaken
Tenangke penggaleh ..monggo sami kita miwiti urip lan gesang ana ing alam dunya. Ngosongake penggalih lan monggo sami ngangsu hikmah ana ing alam dunya. Ngosongake koyo gelas kosong kang ora ana isine nganti bisa ngisi ilmu hikmah kang kathah saking ridhane Allah SWT.

Muhasabah Ngripto Ati Sak Utawis

Dadi Guru madrasah kudu nduei rasa Tanggung jawab kang gedhe supaya kita bisa ngrubah ana pendidikan, bisa ngrubah kabeh kang ala dadi kabecikan. Kabecikan ana ing Keluarga, masyarakat, agama lan Negara. Kabeh Perilaku lan tindhak – tandhuk kudu telaten anggone ngangsu kawruh. Amarga Ngangsu Kwaruh iku ana lan wajib supaya bisa nduweni tujuan kan manunggal.

Komiten lan kesepakatan utawi rasa sarujuk kudu ana ing sakngarepe Lakon. Tuladhane Pns betah lan kudu nggawe apa kang jenenge  SKP ( Sasaran Kinerja Pegawai ) Supaya tujuan kang digawe padha karo aturan kang wes lumampah.  Monggo Sami manunggalke rasa, ati, lan tujuan supaya bisa mlaku bebarengan.

Mesti wae ora bisa dipungkiri kabeh  tau ngrasakkake rasa sedih ninggalake anak lan keluarga.Supaya bisa ngembanake Tugas lan tanggung awab. Saben dinane. Dadi guru Madrasah nata ati , penggalih lan nyiapake rasa . Supaya kabeh bisa kaemban kanti apik. Monggo sami nglirwaake rasa sedih . Napa mawon keadane guru tetep ngemban amanah mulia.

Mangga kita tetep semangat kanggo ngembangake diri lan ampun bosen makarya.Kabeh iku jenenge sebagian saka takdir Allah SWT. Apa kang perlu diubah menchange apa kang ana ing ati, ngrubah lan ngriset apa kang wes dilampahi. Sedaya niat ati bakal katindhaake ana ing otak.

Ana 2 cara ngrubah , yaiku :
  1. Tingkat Afektif ( Ingkang dados dasar yaiku narimo ing pandum kaliyan Takdir Allah. 
  2. aja gampang putus asa lan mandhek sakdurunge tujuan dereng kalampahan. Dibetahake lingkungan la semangat kang telaten.
Ana  istilah Jawa kang duweni makna kang dhuwur  “TEPA SELIRA kedah dipun emut “( HAL SEKECIL APAPUN  HARUS DIUTAMAKAN )

Kesepakatan agar bisa jadi guru Madrasah yang baik. Dan akhirnya semangat itu akan  itu menular.

Spesial buat bunda Amel yang selalu minta translate

Galau lan sedih silahkan ditinggalkan,
Mari kita awali hidup didunia
tenangkan hati tenangkan pikiran kita memulai dengan
mengosongkan gelas kosong, hingga berisi ilmu yang penuh hikmah dari ridla Allah SWT.

Sebagai seorang guru Madrasah, adalah tanggung jawab besar agar kita berhasil dalam pendidikan baik didalam keluarga, masyarakat, agama dan negara. Dan untuk mendapatkan itu semua kita perlu pembelajaran. Kenapa pembelajaran harus disepakatkan karena supaya kita bisa meluruskan tujuan.

Komitmen harus ada diawal seperti seorang PNS ada SKP. Agar tujuan yang dipakai sesuai standar yang dibuat. Maka diawal kita akan membuat pakta Integritas. Mari kita sama rasa, sama hati sehingga kita bisa disatukan.
Hari  kemaren apa yang saya rasakan. Keharuan dan kesedihan meninggalkan anak dan keluarga karena untuk melaksanakan tugas sehari – hari sebagai guru madrasah. Menata hati menyiapkan segala rasa untuk meninggalkan kegelisahan itu perlu atas apa yang diterima .kesedihan harus  ditinggalkan .meninggalkan kewajiban sebagai tanggung jawab.

Apapun perasaanny galau, sedih,  tetap guru harus  melaksanakan tangung jawab sebagai guru madrasah. Mari kita tetap  ada disini untuk berkembang,belajar dan berkarya.

 Itulah namanya Sebagian dari Takdir Allah SWT. Apa yang perlu dirubah Menchange apa yang jadi pikiran kita ?merubah dan meriset apa yang dilakukan untuk sesuatu yang dipikirkan,  memerintah dari hati ke otak. ( merubah hati agar mind berubah )
 ada cara merubahnya, yaitu :
Tingkat afektif yang pertama dan dasar adalah menerima.( menerima suratan takdir )

Contoh : kita disini untuk berangkat kemadrasah. Tanda Legowo itu terpancar dari ekspresi wajah ) pada saat kita bertemu dengan siswa – siswi kita.
Kalu sudah tersenyum maka kita akan membuka hati.
Dan senyum tulus akan terpancar dari kerutan mata. Maka senyum akan terpancar ikhlas.
Ekstrofer dan inforter akan terlihat dibelakang.

Rasa ingin tahu ada, dimaksimalkan atau berhenti saja, untuk itu bisa berkembang maka lingkungan akan mendukung. Maka semangat dan kemauan serta kerja keras kita sangat diperlukan.

Ada istilah Jawa yang maknanya sangat dalam “TEPA SELIRA ADALAH HAL YANG HARUS DIPERHATIKAN “( HAL SEKECIL APAPUN  HARUS DIUTAMAKAN )

Kesepakatan agar bisa jadi guru Madrasah yang baik. Dan akhirnya semangat itu akan  itu menular.

Demikian kilasan muhasabah diri Malam ini ( mekaten kilasan Muhasabah ati wonten ing dalu Menika ) suwun
Baca selengkapnya ...

Selasa, 08 Agustus 2017

Ngangsu Kawruh wonten BDK Semarang

Niat saka omah Bismillahirohmanirohim, tak tinggalake gendhukku ana ing Madrasah. Esuk kuwi ora kaya biasane luweh awal ngeterke putriku, matur sembah nuwun sampun maringi ijin mama yo nduk ? tapi raose taksih ana kang kurang . aku ngetik nyuwun ijin kagem jenengan...bismillah. tanpa berharap suatu balasan hanya ngi menyampaikan kebiasaanku tiap mau beraktifitas keluar kota untuk Diklat. Najan aku wes ngerti mesti mawon mboten berkenan. Tapi matursuwun enjang niki sampun jenengan emutaken bilih memang aku mpun ninggalake kewajiban kang luwih prayogi, inggih menika meninggalkan anak. Demi tugas Negara kedah menjadi peserta ingkang sae lan saget jaga diri, matur sembah nuwun kula aturaken. 

Alhmadullillah jam 11 awan dugi kampus BDK kanthi slamet lan taksih angsal Lindungan saking Allah SWT. Sesarengan piyantun saking Grobogan saking RA,MI,Mts lan kula saking MA. Biodata kula aturaken wonten bagian Registrasi. Dan rombongan saking Grobogan dipisah jumbuh kaliyan surat tugas saking Kantor kementerian Agama Kabupaten Grobogan. Saksampune registrasi dipun sumanggaaken kaliyan panitia wonten ing penginapan sakwontene. Alhmdullillah saget istirahat sekedap kalih nenggo acara pembukaan. Tepat wonten tabuh 13.00 WIB acara dipun wiwiti. Sepindah acara dipunsampaiaken kaliyan beliau.

Bp.H.Darmiyanto, M.Pd ( Kasi Diklat )
Bp.H.Darmiyanto, M.Pd ( Kasi Diklat )
Bilih acara Diklat niki wonten pitung Kegiatan, yaiku : 
  • Tehnis Substantif Tenaga Keagamaan Peningkatan kompetensi Penyuluh Agama non PNS Angk.XIII, XIV, XIV, XV 
  • Tehnis Substantif Tenaga Kependidikan Peningkatan Kompetensi PTK kagem guru MI Angk. 1 
  • Tehnis Subtantif Tenaga Kependidikan Peningkatan Kompetensi KTI kagem Guru MTs Angkt. 2 
  • Tehnis Substantif Tenaga Kependidikan Peningkatan Kompetensi Multimedia kagem Guru MA angk. I 
  • Tehnis Substantif Tenaga kependidikan Peningkatan Multimedia kagem guru MTs angkt. 2 
  • Tehnis Substantif kependidikan ImplementasiKurikulum2013 kagem guru RA /BA angkatan 1 
  • Pembentukan calon Penghulu Angkatan 1
Dasar hukum ( Niki contoh ingkang kula mirengaken kirang kathah mergo mboten saget nututi ) :
  • UU No. 20 tentang Pendidikan 
  • UU No. 16 tentang jabatan funsional PNS
  •  Permendikbud 11,12, 13 tentang standar proses, standar isi
Tujuan lan Sasaran : 
  • Ningkatake kwalitas pendidikan. 
  • Saget ningkatake ketrampilan lan sikap mental sahengga saget njalanake kewajiban sebagai guru madrasah ingkang sae.
Diklat kang bakal kalampahan tanggal 7 agustus dumugi 13 agustus 2017 ingkang wonten 6 angkatan.
Bpk. Drs. Shadikin, M.Pd. ( Kepala Diklat)
Bpk. Drs. Shadikin, M.Pd. ( Kepala Diklat)

Sekedik sambutan ingkang saget kulo tulis saking  Bpk. Drs. Shadikin, M.Pd. ( Kepala Diklat) :
  • Mugi – mugi kabeh peserta diklat diparingi sehat dumugi pungkasan diklat. 
  • Wekdal variasi wonten ingkang 7 dina wonten ingkang 20 dina. 
  • Ngisi waktu kosong kalih sedanten aktifitas ingkang sampun disediakaen .

Wondene Peserta Diklat saking benten – benten begrond. Wonten ingkang saking penghula lan tenaga pendidik saking RA , MI, MTs lan Guru MA. Salajengipun acara dipun buka kaliyan waosan umul kitab ugi penyematan tanda peserta ingkang dipunwakili saking perwakilan RA, MI,MTs,MA kaliyan pebghuliu. Mekaten mugio kula saget dados peserta ingkang sae.
Baca selengkapnya ...

Sabtu, 05 Agustus 2017

Ngangsu Kawruh Babakan Kamuflase


Sakedik sinau Kamuflase
Dunya ora ana wates
Kabeh emosi kagungan ekspresi
( Dunia tanpa batas tempat semua emosi terekspresikan )

Tresna setunggal istilah kang klise kagem dipuncritaaken lan dipunserat wonten artikel napa tulisan. Ananging dina iki ora ngerti aku pengen nulis.klentu menawi ngira aku lagi jatuh cinta.  Nanging aku lagi bingung karo istilah “ Tresna “ kang keri – keri iki lagi mbingungake lan ngliteri otak kula. Hehehe... Pak guru angsal nyerat cinta mboten ( Pak guru Alam Endah, Pak Guru Lativi Abdima, Pak guru Al fata lan pak Guru masdad ugi rencang wonten BGML ) kula nyummanggaken menawi badhe nyerat .

Tresna yaiku fitrah rasa kabeh manungsa. Kabeh manungsa kagugan lan dueni raos tresna ana ing atine. Tresna kanggo tiyang sepuh, tresna awake dewe, tresna karo kanca, tresna piyantufn jaler lan wanita. Kabeh menungsa nglampahi, aku lan panjenengan ngalami khan ?

Sedanten pengalaman sampun kacariyos wonten penggalihe piyambak – piyambak. Kadang aku bingung lan tekon karo ati iki kabeh bab tresna. Tentang kehidupan piyantun wonten ing sekeliling kita. Kabeh tak rekam.  Terang mawon kula mboten dr.Cinta , wiwit kula nembe mawon ngrangkum kabeh crita hahaha..
Ampun serius geh.. monggo dipunlajengaken.

Sedanten niki namung Kamuflase cerita awal kang mboten saklerese bakal kula serat. Wonten ndalu niki kula namung badhe sinau “Kamuflase “
Monggo sami kita sinau lan ngangsu kawruh istilah “Kamuflase “
Penulis lagi pengen sinau iki kanca – kanca..Istilah kamuflase tegesipun bentuk saka tipuan lan penyamaran. Bisa diarteake benda kang kethok bisa samar lan angel dibedaaken ana ing lingkungan utawi pandeleng kasat mata.
Difinisi Kamuflase inggih menika saking arti nyamar ora koyo asline. 

Ana salah sijine Motivator kang pernah dak mirengke “ bener – bener dewekan iku luwih apik ketimbang rumangsa dewekan “ ( Benar – benar sendiri itu lebih baik daripada merasa sendiri ).

Nanging ora kabeh manungsa iku paham perilaku lan lingkungan ana pengaruhe adoh kagem awake dewe. Sahingga tindhak tandhuk lan caranipun gae kesimpulan tentang urip ugi dewe – dewe. Kabeh iku ngakibatkae piyantun bener ngraosake urip dewekan lan rumaos dewekan.Raos peduli utawi tepa selira dados aneh lan katon samar menawi ditindhaaken utawa dilakoni. 

Urip wae koya kamuflase. Opo maneh anane alat multimedia kang serba canggih. Bisa wa pangelon lan pandeleng kita ora podo kasunyatane.ojo gampang gawe kesimpulan lan menghakimi sedanten menurut pribadi awake dewe. Iki luwih mengarah ke tepa selira ana ing alam donya.  Ah san soyo ngladrah malah. 

Raos Tepa selira terbatasi karo istilah Kepo. Peduli dados topeng .
Napa arti ikatan ananging ana simpul lepas ? ( kamuflase bahasa)

Apa arti sebuah ikatan jika ternyata adalah simpul lepas ? napa maleh kang mboten diikat utawi ditaleni..
Ketoke ana ing mbulan ananging trimo Fatamorgana ?
Baca selengkapnya ...

Jumat, 04 Agustus 2017

Sakedik Carios "Taman Sardi"

Dina iki Jum'at 4 agustus 2017.
Alhamdullillah bisa libur makaryo kewajiban piyantun estri wonten dalem. Nyiapake bekal, nganter anak wedok sekolah ing madrasah. Kawet dina selasa tak rasakke beban iki saya tambah.

Ana ing madrasah mulai tahun ajaran enggal kathah sanget kegiatan.kabeh kudu dilaksanaaken kanthi ikhlas senajan tugas lan gawean ibu kagem anak wedok kedah dilaksanaaaken.
Sinambi makaryo ana omah ra kroso jam jemput anak wedok sampun ngawe awe.  Rencanane anak wedok arep tumut wonten Taman Sardi merga siswa Mts Nasyrul Ulum nganaake Kegiatan Pembekalan Dewan Penggalang.  Ananging rencana tumute anak wedok ora kelakon amargo ana les pramuka ana ing madrasah. Jam setengah kalih ngeterne anak wedhok les pramuka mergo arep Jamran.

Hmmm... Mergo kelingan tanggung jawab mau bismillah mangkat Taman Sardi. bumi Perkemahan Taman Sardi dumunung ana Kec.Colo Kota Kretek.  Mlebet area Perkemahan sampun keraos adhem lan sejuk.  Bisa ngilangake semprawute pikiran hehehe..... Perjalanan suwene 1,5jam. Pas wancine Asar dumugi tujuan.  Sakwise adik rampung jamaah tugasipun outbone.


Materi meniko gadhah Tujuan menehi raos kendel,trampil lan nglatih kedisiplin ugi kebersamaan. saksampune panitia dipun sukani Petunjuk Kegiatan. kegiatan terus diwiwiti. regu kang jumlahe 14 regu saka 9 regu putri lan 5 regu putra.
Raos seneng klumpuk karo kancane njaga kekompakan iku luwih penting ketimbang nilai menang opo kalahe.

Kegiatan sakbanjure yaiku reresik area perkemahan terus persiapan Jamaah sholat magrib. Adik adik calon Dewan Penggalang ugi kedah siap berjuang keagamaan wonten keluarga.  Salah sijine inggih punika ngabdi kaliyan kekalih tiyang sepuh wonten ing dalem.  Sakkedik ceroyos nggeh. Timbang mboten wonten gaweaan latihan nulis hahaha..
Ingkang nyerat ugi kedah dugi dalem jm 20.00 wib.. Assalamualaikum


Niki latihan nyerat geh pak guru ampun didukani.


Baca selengkapnya ...
Designed Template By Blogger Templates - Powered by BeGeEm