Breaking News

Minggu, 19 Februari 2017

Cara Gampang Sinau Aksara Jawa

Aksara Jawa, uga dikenal minangka Hanacaraka lan Carakan, iku salah siji saka aksara tradisional Nusantara dipun ginakaken kangge nulis basa Jawa.

Kanti teknologi jaman ingkang sampun soyo maju, Sinau Aksara Jawa sak meniko saget saking pundi kemawon. Salah setunngalipun saget kanthi ningali video.

Sumangga dipun pirsane video Cara Gampang Sinau Aksara Jawa ing ngandap puniko :


Pripun?
Saget dipun pahami nggih?
Mugi manfaat
matur suwun
Baca selengkapnya ...

SKL Lan Standar Isi Basa Jawa SD/MI Kurikulum Kalih Ewu Tigo Welas

Kados ingkang sampun kita mangertosi bilih sak meniko kurikulum sampun gantos. Kurikulum ingkang enggal dipun arani Kurikulum Kalih Ewu Tigo Welas.

Meniko Standar Kompetensi Lulusan lan Standar Isi Basa Jawa kagem SD/MI Kurikulum Kalih Ewu Tigo Welas :




Mugi-mugi wonten manfaatipun,...
Ingkang ngersa'ake file SKL Lan Standar Isi Basa Jawa SD/MI Kurikulum Kalih Ewu Tigo Welas, sumonggo klik MRIKI

Matur sembah nuwun
Baca selengkapnya ...

Sabtu, 18 Februari 2017

Sinau Nembang Nganggo Basa Jawa

Wancine wes bengi tapi mripate ora bisa merem ....
Hmmmm Po sinau maneh ya..??
Ketone enek lagu anak anak judule naik kereta api apa ya ...
Coba coba ayo dijajal digawe Basa Jawa ..


 
Lagune mangkene : 

Naik kereta api
Tut tut tut Siapa hendak turut
Ke Bandung Surabaya
Bolehkah naik dengan percuma
Ayo kawanku lekas naik
Keretaku tak berhenti lama

Menawa di didadeake Basa Jawa dadi mangkene :
Ayo numpak sepur
Tut tut tut
Sapa seng arep melu
Neng Bandung Surabaya
Opo oleh numpak ora mbayar
Ayo kancaku ndang numpak
Sepurku ora mandheg sue

Karo dipraktekake sak kelas yo ...

bisa karo tangane anak anak didokokake pundak. Soko ngarep memburi. Bisa mglatih kekompakan lho ...

Heheheee asyik to sinau nembang basa jawa?


Tembang puniko saget dipun praktekaken kagem anak Paud, TK/RA, lan anak Madrasah Ibtidaiyah ... enggeh saget ugi.

Matur suwun
Baca selengkapnya ...

Jumat, 17 Februari 2017

Driji Lima

Filsafat jari.
Otak atik mathuk.
Tangan ndhuweni limang driji, yaiku Jempol, Penuduh, Penunggul, Manis dan Jenthik :




  • Jempol ora ana gunane nek liyane menawa driji lima ora gembrayah utawa obah. 
  • Penuduh tegese wong kang bisa dadi panutan utawa contoh kang becik kanggo liyan.  
  • Penunggul tegese ojo adigang adigung adiguna, ojo unggul-unggul, aja sombong.
  • Driji manis tegese aja ndhuweni rai manis kang kebak ngapusi utawa Kepura-puraan alias lamis. Tegese aja seneng ngapusi lian seneng menehi pasuryan manis manis utawa katon ngajeni, padahal atine drengki.
  • Jenthik tegese ora seneng ngotak atik wong liya. Ojo seneng usil karo kancane.

Predikat jempol paling apik bakal ana amarģa ana driji cacahe papat.kabeh driji obah lan ana fungsine dewe dewe. jempol ora mungkin bisa dewekan tanpo driji liyane.

Driji kui bisa dadi guru sejati kang asring diucapake , ora "ngeh" ana ing urip ing alam donya

Nek kurang fungsine tambahana yo...

Matur sembah nuwun.
Baca selengkapnya ...

Kamis, 16 Februari 2017

Sinau Basa Jawa Kuwi Ora Angel

Akeh-akehe bocah sekolah padha sambat. Ajar basa Jawa kuwi angel. Ora mung bocah sekolah, malah pora wong tuwa uga akeh wong seng sambat menawa sinau basa Jawa kuwi ora gampang. Angele ngungkuli sinau Basa Ingris. 

Panemu seng kaya mengkono nalare ana benere amarga ing wingi-wingi buku pasinaonan Basa Jawa pancen ruwet lan mbingungake. Sinau Basa Jawa kuwi ancase Supaya bocah dhuweni ketrampilan basaan ngerti unggah-unguh.

Dadi sejatine supayane bisa basa, ora mung apal tetembungane arane uwit, arane godong, anak kewan terus ngudhal tembung/ukara lam liya liyane. Kamangka tuntutane Masyarakat ing pangangkah kanthi sinau basa Jawa bocah dadi ngerti lan bisa ngecakake basa kanthi trep, cocok karo unggah-ungguh.
Ing pasrawungan wujuding basa gumantung saka pan papane, sejatine ana rong tataran yaiku ngoko lan krama.

Cukup semene disik ya ? olehe latihane.

Matur sembah nuwun bapak guru Mr. Lativi, Ustadz Al fata., Pak efin, Mba ket Ayu ... lan rencang rencang sedanten.

Sembah nuwun
Baca selengkapnya ...

Rabu, 15 Februari 2017

Sinau Nembang Jawa Drijiku Ana Lima

Ana lelagon jaman ak isih SD biyen, nanging irah-irahane apa aku wes lali. Opo ya kira - kira?? 

Lelagon iki apik kanggo murid madrasah kelas 1 sing isine isa nyangkut wulangan matematika, isa bahasa, isa kesehatan, lan isa PPKn. Lagune versi "Balonku ada Lima" 
Drijiku ana lima,
Jenenge ora padha,
Driji manis penunggul,
Penuding jempol jenthik.
Kabeh thukul kukune,
Yen dawa akeh regede,
Saben Minggu dikethoki,
Saben Senin dipriksa.
Gampang ta kanca-kanca???.
Kira kira irah2ane apa mbok menawa ana kang bisa mbiyantu.
Paringi komentar Nggeh. 
Garap tugas BGM D1 niki
Baca selengkapnya ...
Designed Template By Blogger Templates - Powered by BeGeEm