Breaking News

Selasa, 08 Agustus 2017

Ngangsu Kawruh wonten BDK Semarang

Niat saka omah Bismillahirohmanirohim, tak tinggalake gendhukku ana ing Madrasah. Esuk kuwi ora kaya biasane luweh awal ngeterke putriku, matur sembah nuwun sampun maringi ijin mama yo nduk ? tapi raose taksih ana kang kurang . aku ngetik nyuwun ijin kagem jenengan...bismillah. tanpa berharap suatu balasan hanya ngi menyampaikan kebiasaanku tiap mau beraktifitas keluar kota untuk Diklat. Najan aku wes ngerti mesti mawon mboten berkenan. Tapi matursuwun enjang niki sampun jenengan emutaken bilih memang aku mpun ninggalake kewajiban kang luwih prayogi, inggih menika meninggalkan anak. Demi tugas Negara kedah menjadi peserta ingkang sae lan saget jaga diri, matur sembah nuwun kula aturaken. 

Alhmadullillah jam 11 awan dugi kampus BDK kanthi slamet lan taksih angsal Lindungan saking Allah SWT. Sesarengan piyantun saking Grobogan saking RA,MI,Mts lan kula saking MA. Biodata kula aturaken wonten bagian Registrasi. Dan rombongan saking Grobogan dipisah jumbuh kaliyan surat tugas saking Kantor kementerian Agama Kabupaten Grobogan. Saksampune registrasi dipun sumanggaaken kaliyan panitia wonten ing penginapan sakwontene. Alhmdullillah saget istirahat sekedap kalih nenggo acara pembukaan. Tepat wonten tabuh 13.00 WIB acara dipun wiwiti. Sepindah acara dipunsampaiaken kaliyan beliau.

Bp.H.Darmiyanto, M.Pd ( Kasi Diklat )
Bp.H.Darmiyanto, M.Pd ( Kasi Diklat )
Bilih acara Diklat niki wonten pitung Kegiatan, yaiku : 
  • Tehnis Substantif Tenaga Keagamaan Peningkatan kompetensi Penyuluh Agama non PNS Angk.XIII, XIV, XIV, XV 
  • Tehnis Substantif Tenaga Kependidikan Peningkatan Kompetensi PTK kagem guru MI Angk. 1 
  • Tehnis Subtantif Tenaga Kependidikan Peningkatan Kompetensi KTI kagem Guru MTs Angkt. 2 
  • Tehnis Substantif Tenaga Kependidikan Peningkatan Kompetensi Multimedia kagem Guru MA angk. I 
  • Tehnis Substantif Tenaga kependidikan Peningkatan Multimedia kagem guru MTs angkt. 2 
  • Tehnis Substantif kependidikan ImplementasiKurikulum2013 kagem guru RA /BA angkatan 1 
  • Pembentukan calon Penghulu Angkatan 1
Dasar hukum ( Niki contoh ingkang kula mirengaken kirang kathah mergo mboten saget nututi ) :
  • UU No. 20 tentang Pendidikan 
  • UU No. 16 tentang jabatan funsional PNS
  •  Permendikbud 11,12, 13 tentang standar proses, standar isi
Tujuan lan Sasaran : 
  • Ningkatake kwalitas pendidikan. 
  • Saget ningkatake ketrampilan lan sikap mental sahengga saget njalanake kewajiban sebagai guru madrasah ingkang sae.
Diklat kang bakal kalampahan tanggal 7 agustus dumugi 13 agustus 2017 ingkang wonten 6 angkatan.
Bpk. Drs. Shadikin, M.Pd. ( Kepala Diklat)
Bpk. Drs. Shadikin, M.Pd. ( Kepala Diklat)

Sekedik sambutan ingkang saget kulo tulis saking  Bpk. Drs. Shadikin, M.Pd. ( Kepala Diklat) :
  • Mugi – mugi kabeh peserta diklat diparingi sehat dumugi pungkasan diklat. 
  • Wekdal variasi wonten ingkang 7 dina wonten ingkang 20 dina. 
  • Ngisi waktu kosong kalih sedanten aktifitas ingkang sampun disediakaen .

Wondene Peserta Diklat saking benten – benten begrond. Wonten ingkang saking penghula lan tenaga pendidik saking RA , MI, MTs lan Guru MA. Salajengipun acara dipun buka kaliyan waosan umul kitab ugi penyematan tanda peserta ingkang dipunwakili saking perwakilan RA, MI,MTs,MA kaliyan pebghuliu. Mekaten mugio kula saget dados peserta ingkang sae.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Designed Template By Blogger Templates - Powered by BeGeEm