Breaking News

Kamis, 25 Mei 2017

Dados Piyantun Putri ingkang saget Nyimpen Sedanten Permasalahan


Manungsa ana ing ndunya namung sakderma nglampahi takdir saking gusti Allah SWT. Wonten ing filosofi jawa wonten paribasan kang isinipun inggih punika"urip mung mampir ngombe"wonten ing bahasa Indonesia artosipun inggih punika hidup seperti mampir minum. Wonten kehidupan kang hakiki.lan abadi

Nyerat wonten dalu punika namung dados perenungan kagem kula piyambak. Amargi kanti pengalaman ingkang kawula alami piyambak niki memang kathah nyukani pelajaran kados tiyang sekolah. Kados ingkang sampun kaserat wonten artikel kula wingi kanthi judul"Ngangsu Kawruh wonten Universitas Lelampahan Wilujeng". Mboten angsal ijasah,mboten wonten selembar kertas,mboten wonten nilai 100.ingkang wonten inggih punika penilaian saking gusti Allah kang murbeng dumadi.

Piyantun estri saklerese betah sanget bimbingan,arahan,sedanten nasehat,betah imam kang sae lan sholeh kersane saget dados wanita pilihan.wanita pilihan kang bakal dados ratu keluarga. Amargi bangunan griya bakal kathon sumringah lan ketingal endah menawi ibu saget ikhlas anggenipun rumaos seneng lan ikhlas.

Ingkang naminipun sedih,sayah,gundah gulana hingga merana,risau,resah hingga membuncah,frustasi tiada henti,depresi sampai makan hati(dalam bahasa Indonesia). Sedanten raos niki jujur sanget dados ngrepotake awake dewe piyambak. Miki ingkang kula alami piyambak nggeh.Ayolah jujur kemawon.panci ingkang mekaten ngrepotake awake dewe, enggeh to?


Cubi sareng monggo dipun penggalih kanthi segamblang-gamblangnya. Wekdal ati keraos sedih lan resah pikiran kalut sebabipun mikirke someone hehe... napa tiyang sanes ingkang mboten sesuai harapan.mboten sesuai kaliyan ngimpi kita napa malih ngantos khianat. Mesti mawon ingkang wonten raos emosi tinggi sampai keubun ubun plis mersa tak berguna. Keraos mboten wonten manfaate dalam bahasa ngetrendnya "percuma tak bergun"hahaha..kita sebagai manusia merasa dicampakkan ( halaah....)lan sedanten raos kuciwa ing penggalih sanese.sedaya pemikiran ingkang awon punika saget nyebabake musibah lan malapetaka wonten ing ndunya.Naudlubillah..

Kanthi menika permasalahan kang wonten mboten saget kita pendhem piyambak.umpami kita ceriyos marang rencang nggeh nek saget dipercaya. Menawo mboten lak malah tambah permasalahanipun. Rencang kang paling sae inggih punika Allah SWT. KepadaNya kita kembali.. emut kang maha kuwaos luwih prayogi. Sebab setiap permasalahan kang wonten nuntun awake dewe kersane saget caket malih kaliyan Gusti Allah SWT.

Nangis ..nggeh nangiso umpami pingin nangis.niki ingkang kula lampahi.Ampun keraos kalah lan mboten usah isin kaliyan dunya.mboten usah isin kaliyan ingkang maos artikel niki..hehehe. tenang mawon tumpahan lan loh kang mrebes mili niki mboten simbol kekalahan lan kelemahan.Nanging wajar amargi kita manungsa mboten robot.manungsa kang nduweni ati lan perasaan kang wonten batese.

Mundhuto toya wudlu,gelar sajadah bersujudlah.nyuwun pangapunten ingkang sakestu.tumpahke sedanten beban ingkang sampun menghimpit ati lan raga.ceritakke kaliyan Gusti Allah napa ingkang kita raosaken.nyuwun sedanten penyelesaian ingkang dipun ridhai Allah SWT. nyuwun kanthi raos ikhlas sedanten saget kita lampahi. Ceriyon kaliyan Allah luwih prayogi.amargi manungsa kadang malahan nambah penggalih ingkang mboten sae umpami sedanten cerita wau diceritakke malih kaliyan tiyang sanes.malah tambah masalah to...enggeh mboten?

Mergo niku monggo kita kathahaken raos syukur lan ikhlas nampi pacobane urip. Menawi kita lulus sakestu kita badhe angsal hikmah ingkang luweh sae.pemikiran kanthi bijaksana mboten emosi bakal menatih tindak lampah kita menuju kebahagian dunya lan akhirat.amin

Mugio wonten manfaate.
amin yarobal alamin (yunia 25052017)


Baca selengkapnya ...

Rabu, 24 Mei 2017

Nyerat Kreatif Saget damel Obat Raos Kuciwo"Kegalauan"

Resep kagem penyembuhan raos kuciwa ig wonten bahasa ngetrene inggih punika "Galau" taksih kaliyan judul nyerat.Nyerat panci sae sanget kagem sedaya terapi ingkang sae kagem penggalih ingkang nembe sedih utawi galau? Tepatipun mekaten terapi ingkang murah,ingkang sae,lan hip hip hura ( artosipun mboten usah mbayar biaya terapi/konsultasi kagem piyantun terapis/psikiater/psikolog), cubi dipun penggalih umpami beruntung saget ugi angsal hadiah arto..wow.
napa mboten keren dalam bahasa indonesia ada istilah begini "Kegalauan"yang menghasilkan duit.


Cubi tangklet pak guru Alam Endah kaliyan pak guru lativi abdima nggeh....?
Enggeh mboten pak guru...?????????????? Dipunjawab wonten kelas L1 nggeh..hehe hehe..pangapuntene........ingkang kathah..

Kok saget mekaten?saget ngasilke arto? Temtu saget amargi umpami wonten niat ngoten niku.terus napa wonten bentene kaliyan "resep penyembuh" nyerat kegalauan wonten buku,wonten leptop,utawi nyerat wonten selembar kertas terus umpami dipun suwek ?hmm,panci sakkedik wonten bedanipun,bedanipun ingkang luwih prayogi inggih punika wonten ing gaya bahasa.

Umpami nyerat kegalauan wonten ing buku  niku sifatipun napa entene.mboten diedit mboten diwaos maleh amargi damel awak piyambak.napa napa ingkang diraoske kita serat napa entene tepat lan  Sami persis ingkang kula alami jujur sejujur jujurnya lan pure murni lan asli persis ingkang dipun raosaken. bedanipun wonten ing caranipun nyerat lan cadanipun ngagem bahasanipun. Saget mawon buku harian  kaliyan gaya bahasa vulgar lan seronok.toh namung kula ingkang ngertos lha.....sejauh umpami ingkang nyerat teledor saget piyantun sanea ingkang maos.lan ini saget kalebet kasus mosok buku harian diwaos tiyang sanes normalny buka harian janipun sebuah rahasia pribadi....


Sami kaliyan nyerat kegalauan wonten ing selembar terus disuwek.tulisan lan seratan kang didamel saget luwih parah artosipun bahasane sakwontene sekenanya,luweh lugas.toh mangke geh disuwek.toh mangke menawi disuwek mboten bakal wonten ingkang maos.terus mboten wonten kelanjutan ingkang sampun kaserat niku napa?Allah  SWT lah lan penulis ingkang mangertos.

Kesimpulanipun nyerat kegalauan wonten buku harian lan nyerat kegalauan wonten selembar kertas terus dipun suwek sami nggadahi tujuan.napa tujuane inggih punika dipun konsumsi pribadi.mboten wonten tujuan disampaikan kagem kalayak ramai. Menawi wonten saklajengipun dipun pyblikasikan winten ing khalayak ramai. Wonten karya buku harian karyanipun Anne Frank.mesti mawon sampun melalui proaea pengeditan kanti tujuan mboten wonten ingkang dipun sakiti lan merasa disakiti.
Minggo sami latiham nyerat pengalaman pribadi kados ingkang nyerat nembe galau hikz)

Nah, resep penyembuh negative thinking inggih punika "nyerat nyerat sedaya bentuk kegalauan dados tulisan kreatif"

Monggo sami sinau lan ngangsu kawruh sareng-sareng. Sinau nyerat kersane saget bermanfaat.





Baca selengkapnya ...

Ngangsu Kawruh wonten ing Universitas Lelampahan Wilujeng

Ndalu niki kanthi raos kados biasanipun kula mboten saget bobok.Akeh seng dak rasakke.Bilih manungsa urip kuwi amung bebasan "mampir ngombe"kabeh skenario sampun sami kaserat dening Allah Swt.
Iki mau seneng sesuk sedih.lan sak walike


Raosake wanci kita mirsani ulam wonten ing kolam. Ulam wontem ing kolam kados sami remen wonten ing kolam. Nanging ulam gej saget sami rebutan maeman, sami menangan ingkang alit kalah kalih ingka g gedhe. 
Monggo dipun penggalih piyambak.

Jawah mboten badhe jawah teras.Udan ora sakteruse menehi musibah kanggo manungsa.Monggo sami mirsani para kadang tani ugi remen sanget menawi dipun sukani udan.Udan rintik rintik lan gerimis menehi raos shahdu ing penggalih.

Ngrasakke mbok bilih menawi wonten manungsa kadang kedah ngraosake dawah.
"Dawah"ana ing artosipun inggih menika ngraosaken lelampahan ingkang wonten ngandap tegesipun panci mboten kagungan napa napa. Proses niki ledah dilampahi kanthi sabar lan kedah nyaketi kaliyan Gusti Allah kang maha kuwaos. Mboten teras putus asa.mboten kagungan semangat urip.nanging kedah kuantitas ibadah lan sosial kemasyarakatan kedah dipun tata.

Manungsa wonten ing masane kedah sinau wonten "Universitas Lelampahan wilujeng" wonten ing bahasa Indonesia inggih punika Universitas Kehidupan. Wonten universitas niki mboten kedah angsal nilai sae ananging kita supados lulus kanthi saget mekdal saking masalah kanthi peepadhang,sabar,ikhtiar dados piyantun ingkang luweh sae. Soal ingkang sampun kalampahan kedah saget nyelesekke kanti raos ikhlas lan sabar.

Ikhlas lan sabar mboten gampang kita tampi nanging kedah nglampahi sedanten prosesipun. Wonten kalanipun kita diina,dipoyoki,mpun sedanten mboten wonten ingkang sami leres.nanging sepindah maleh pandangan manungsa niku mboten penting. Niki kang saget dados pemikiran bilih ingkang paling pebting pandanganipun Allah Swt.
Monggo kita sami sinau wonten Universitas Kehidupan. Supados kita saget ikhlas tinampi sedaya lelampahan lan saget murugi cara ingkang sae lan bijaksana.

Tabuh tiga wulan mei tanggal 25 Mei 2017
Baca selengkapnya ...

Kamis, 04 Mei 2017

Tindak Tutur Dengan Budaya Jawa

Budaya Jawa sangat banyak menginspirasi saya malam ini. Disaat hati dan pikiran mengambang tak tau arah.kali ini saya mencoba menulis hasil dari apa yang ada diotak saya. Akan kucoba nulis lewat hp tanpa orek orekan haha.....

Ingat kaliyan dhawuh pak guru AE, pak guru Al Fata, @Lativi Abdima dan Pak guru Masdad. Bahwa dalam sebuah blog perlu adanya penulisan kontinyu. Sak kobere.. tanpa saya tau saya mau mengetik apa nantinya, yang pasti kali ini saya akan menulis dengan Bahasa Indonesia karna bunda Mellz selalu manja untuk meminta ditranslate, juga mb Ayyu Ida ... bu ket kesayangan pak guru... pak guru mana ya kira- kira.......?????? Ahay mungkin tante Atik bisa bantu jawab,pak yahmud Efin Setya atau pk Taufiq, bu Nining....
Untuk semua temen diBGM L1..semuanya

Untuk mengingat pesan kali menulis mengalir saja dan jangan takut.karena kita masih tahap belajar. " Seng penting nulis"

Budaya Jawa mengatur tingkah laku manusia dengan adanya norma tertentu yang harus dipatuhi. Seperti yang pernah saya tulis dalam artikel lalu ada ungkapan Jawa "Ajining Diri Gumantung Saka Lathi " ( harga diri seseorang tergantung dari apa yang dikatakan) dalam masyarakat Jawa.Ungkapan tersebut mengandung maksud bahwa seaeorang perlu mempertimbangkan dan memikirkan baik -baik apa yang akan dikatakan,tidak hanya sekedar berbicara.Kata-kata yang sopan,sikap hormat,sikap santun, dan dapat menghargai orang lain merupakan sikap yang harua ditunjukkan ketika berbicara. Seperti yang dikatakan Susena(dalam Prayino, 2011:36) bahwa ada dua prinsip menghormati orang lain dan menjaga hubungan harmonis.

Kita sebagai Guru diMadrasah sudah dalam  belakang budaya pasti sadar akan tempat atau empan papan dalam berbicara. Meski demikian, pada prinsipnya mereka masih memerlukan bimbingan dan arahan Dalam bertindak memutuskan sesuatu. Berdasarkan hal tersebut, dapat dikatakan bahwa madrasah sebagai lembaga pendidikan formal berperan penting dalam upaya penanaman sikap dan karakter baik pada anak sejak dini ataupun di tingkat lanjutan.Guru, dengan demikian menjadi salah satu pihak yang perlu memberikan keteladanan kesantunan untuk siswa. Seperti dikatakan Musfah (2011:21)bahwa guru harus bisa menjadi teladan bagi siswanya, baik secara moral maupun intelektual.

Bentuk keteladan guru difokuskan pada tuturan yang digunakan.Tuturan guru yang dapat dijadikan teladan dibuktikan dengan pengucaoab dan pemakaian bahasa yang sopan, disekolah guru dan siawa berinteraksi pada saat kegiatan belajar mengajar dikelaamaupun diluar jam pelajaran.Setiap guru baik laki - laki maupun perempuan mempunyai cara yang berbeda -beda dalam memilih tuturan yang digunakan intuk berinteraksi.

Maka kita sebagai guru jangan enggan memberikan contoh berdialog dan berinteraksi dengan budaya Jawa.karena  berbahasa sehingg sangat berpengaruh dengan percakapan dan tindak tanduk kita sebagai seorang guru. Sudah sepantasny kitalah yng memberikan keteladanan didepan agar budaya jawa tidak hilang. Monggo sami sami kita nguri nguri budaya jawa.

Semoga bermanfaat.





Baca selengkapnya ...

Rabu, 03 Mei 2017

Tinampa Ikhlas

Ana sudut ati ngarep
Bengi iki katon banter
Tik...tik..tik...
Lan jangkrik ngerik
Nandakkae mbengi iki sansoyo abot

Ana wolo seng ora mgerti dalan muleh
Klebat klebet ana ing awang-awang
Brebet rono brebet rene
Geger wala nganti krasa kesel
Ora antuk dalan muleh

Ana ngendi ..
Aku kudu nyungsepke raga
Nyungsepke pikir
Bingung.....
Kandane lawa..?

Ya menungsa kaya dene
Andum masalah mesti wes ginaris
Kamongko kabeh mau saka pancipto
Kudu kuat kudu ikhlas
Tinampa kanthi ati pepadang

Mesti ing tembe mburi bakal kamukten
Entuk kamulyan
Kabeh ujian urip
Kang kudu daklakoni
Ojo sumelang

Gusti bakal pareng pepadang

Ariska'03052017
Baca selengkapnya ...

Senin, 01 Mei 2017

Pengetan Dinten Pendhidikan

Mbenjang tanggal 2 mei 2017, badhe wonten pengetan dinten pendidikhan nasional.wonten ing madarasah, kecamatan,ugi skolahan umum sanese sami sami mengeti dinten pendhidikan Nasional

Ing wekdal punika kula badhe medharaken bab pengetan Hardiknas lan dinten kebangkitan Nasional. Wonten ing pengetan dinten ageng punika kita sedaya saged mirsani bilih bangsa kita inggih bangsa indonesia taksih ketinggalan menewi dipunbandingaken kaliyan bangsa sanes. Kita minangka warga Indonesia ingkang "terpelajar" kedah saged ngrekadaya kangge mejangaken bangsa indonesia. Kanthi ketrampilan lan pengetahuan ingkang kita saget.

Kita sedaya tamtu taksih emut kaliyan Bapak pendidikan nasional inggih punika Bapak Ki Hajar Dewantara, ingkang ageng sanged jasanipun tumrap pendidikan. Salah satunggalipun inggih punika ngedegaken sekolah Taman siswa ingkang nggadhah prinsip

"Ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa, Tut wuri handayani"

Prinsip punika taksih dipunagem ing donya 
Nalika jaman penjajahan mengsahipun bangsa kita inggih punika para penjajah. Para pahlawan berjuang nglawan penjajah kangge kamardikan bangsa nanging sapunika kita kedah nglawan "kebodohan", narkoba, pornografi lan sapanunggalipun, ingkang saged ngrusak moral generasi mudha lan saged mbebayan tumrap kamajengan pendidikan.

Kados pundi caranipun supados  kebodohan saget ical mtu kemawon mboten namung kita nanging pamarentah ugi kedah cawe cawe supados aslinipun langkung sae. Kanthi cara punapa ?
  1. Pamarentah sampun nyanangaken wajib belajar 12 tahun. Kanthi kahanan meniko sampun dados kuwajiban kita sebagai guru madrasah dherek nguri nguru lan nyuksesake tujuan pamarentah.
  2. Pamarentah ngedegaken sekolah sekolah wiwit TK ngantos Perguruan tinggi
  3. Pamarentah maringi bantuan sekolah ugi beasiswa dhumateng para siswa ingkang kacingkrangan nanging nggadhadi prestasi.

 Kita sedaya kedah ngregani jasa jasanipun para pahlawan. Ananging boten namung ziarah wonten pasaraenipun utawi upacara mangeti dintin ageng nasional kemawon, nanging saged kanthi cara :

  1. Kita minangka pelajar lan guru  kedah sinau ingkang sregep.
  2. Saget ngginakake wekdal kanthi sae kangge nambah kawruh
  3. Ningkataken iman lan taqwa
  4. Merangi narkoba, pornografi lan sapanunglipun ingkang saged ngrisak moral kita.
Menawi kita sareng sareng merangi kebodohan mugi mugi para generasi mudha saget nglajengakan perjuanganipun para pahlawan lumantar ilmu ingkang migunani kangge bangsa lan Negara. Sumangga kita buktekaken menawi generasi mudha negara indonesia punika generasi mudha indkang cerdas, tangkas, saha nggadhadi budi pekerti luhur.

Kagem sedaya guru wonten indonesia
Sugeng mengeti dinten Pendhidikan Nasional geh... 

Yunia 02052017
Baca selengkapnya ...

Tangise Bocah Njlentora

Sore iki...

tembang rawat-rawat.
sinambi wara-wara
suk mben nek wes titi mangsa
dwi panca
bakal ana lelakon ngedab-edabi

bocah-bocah
sing tengah pisanan
bakal andon yuda
bakal ngasah trampil
bakal golek madyaning bebener

nalika…..mengko…….
bocah njenthora bakal nangis
Mbrebes mili rupa luh getih
dleweran………
Ora bisa mandheg

piye kok bisa..
kedadeyan kaya mangkono….???
Piye kok bisa...
Pitakonan kang mlesat
Ora antuk jawab

kamangka dhek jaman biyen
kuwi dina siningker
aku,kowe,kita
bakal atur panuwun
marang bocah njenthora

ning…sapa sing bakal wani...
Sapa kang bisa uwal...
Sapa kang bisa mbantah...
madoni….???????
Sapa....... aku dak weruh

ya ing kene tinemu...

bubrah tatanan
Bubrah bayangan
Bubrah kepinginan
Bubrah kalaksanan
Bubrah tataran

muga-muga Gusti paring pitedah
ing Prayagung kang kawogan

Gustiiiii……..
kula nyuwun.........

Yunia 01052017

Baca selengkapnya ...
Designed Template By Blogger Templates - Powered by BeGeEm