Breaking News

Kamis, 27 April 2017

Kamulyan lan Kalaksanan Butuh Proses lan Ikhtiar

Tengah wengi wes njajal ngeremake mripat tapi tetep mtipat iki ora bisa turu. Gawean wes mari...hp tak candhak. Ngulomboro lewat driji ...

Ana sesanti"durung menang yen durung asor, durung bisa gedhe yen duryng wani cilik"

Dalam bahasa Indonesia artinya " belum menang jika belum kalah, belum jadi teratas jika belum pernah dibawah, belum bisa besar jika belum pernah kecil"

Apa kang kapetik ana sesanti ing dhuwur monggo sareng sareng kita udhal.
Tuntutan manungsa kang kudu ati-ati lan setiti kanggo golek prestasi kang uwis sakmestine dirasakake.Manungsa duweni tata krama, unggah-ungguh,tepa selira marang sakpadha lan dhuweni sikap andhap asor. Gadah pakerti kang iso ngetrepake empan papan lan suba sito. Urip ana ing alam ndunya kabeh duweni laku, sifat kang ora padha. Dadi wing kang ana ing ngarep mestine uga tau ngrasaake piye rasane ana ing mburi. Dadi wong gedhe tegese duwe pangkat lan jabatan kudu tau ngrasakkake kawula alit. Supaya dadi menang kudu wani kalah ndisik. Wani dhuweni sifat andhap asor ora gedhe sirahe. Dadi pemumpin kudu wani ngrasakake dadi masyarakat cilik kang ora dhuwe apa-apa. Seng luweh penting maneh yaiku ojo dadi wong pelit pailit medhit. Dadi wong kudu gelem mbagi rejekine kaliyan wong kang ora ndhuwe.

Prestasi kang sampun kalaksanan dening manungsa ora bakal teko kanthi mak bedundhuk utawa tiba tiba ( mufa'jaah ) Kabeh ana lakune lan proses kang dawa, ngrasakake rekasa lan sengsara. Tiba tangi wes biasa ana ing urip merga kuwi kabeh lakubkang kudu katindhaake. Aja putus asa lan sedih umpama kita lagi entuk musibahvutawa masalah. Kabeh mesti enek jalan keluatlr utawa carane.nanging kudu sabar nggih....menang saka kalah,unggul ( dhuwur saka ngisor ), gedhe saka cilik. Kabeh kui kudu den elingi nggeh....

Sak umpama manungsa ana ing ndunya iki sadar"kabeh manungsa bakal entuk kamulyan kang kalaksanan kudu nganggo perjuangan lan proses"

Mesti wae ora ana manungsa kang gelo, manungsa kang Ä·urang trima ing pandhum, mesti wae ora ana manungsa kang putus asa nganti golek saben cara dihalalke. Kabeh tindhak tandhuk manungsa dilaksanaake kanggo tujuan kang wigati lan kudu kalaksanan.

Mesti wae urip ana ing ndunya iki bakal tata tentrem kerto raharjo, ayem lan ora bakal mbedhake kanca. Mesti wae bakal rukun, mesti wae bakal nggolek cara kanthi becik ora arundul - srundulan, ora balap - balapan, ora lirik - lirikan ora saing - saingan.. manungsa meathi bakal golek cara supaya bisa dadi manungsa kang migunani ana manfaate kanggo liyan. Urip bakal luwih sempurna amarga nduweni tujuan kang becik supaya saget migunani kanggo liyan.

Dirasakake dihayati kabeh laku urip ana ing ndunya intine nglaksanaaken proses tindhak - tandhuk supaya dadi luweh kajen lan ana manfaate kanggo liyan.

Migio saget enten manfaate.
Baca selengkapnya ...

Selasa, 25 April 2017

Madrasah Indonesia Damel Rujukan Dunia

Kepala Balai Diklat Keagamaan Semarang. Bapak Drs.Saerini, M.Pd.I. wonten ing Diklat Wilayah Kerja ( DDWK ) kaliyan Balai Diklat Keagamaan Semarang kang peserta Diklat saking Guru Madrasah se-Kabupaten Grobogan ingkang antawis 70 peserta Guru.
 
Madrasah Indonesia damel rujukan Dunia

Guru nggadai tugas didik siswa utawi murid, menawi Balai Diklat maringi piwulangan kagem guru. Tugas Balai Diklat menehi piwulangan lan nglatih sedaya guru wonten lingkungan Kementerian Agama ( PNS lan Non PNS ). 

Ing tahun 2017 niki guru dituntut kedah damel Administrasi. Geh napa mboten?

Harapan Bapak Kepala Balai Diklat yaiku Guru bebas Administrasi tunjangan kanthi otomatis tinampi kaliyan sedoyo bapak guru. Guru kudu ana ing sekolahan 8 jam. Senin - Jumat. Nanging mlebet kawit jam 07.00 dugi jam 15.00. Nanging dinten sabtu lan minggu libur. Piye kira - kira, setuju mboten ?
"Maju napa mboten ana ing Negara niku tergantung pendidikanipun"
Negara Irlandia saget dados tuladha. Wonten zaman sakniki guru kedah ningkataken SDM. Soale bab kang wigati kedah mereformasi. Wonten ing Irlandia guru minimal s1 lan s2. Bemten to kaliyan Indonesia taksih kathah guru kang dereng kagungan kualifikasi s1. Data K1 lan K2 ingkang jumlah 48 ewu kang dereng saget diangkat PNS.

Wacana undang - undang kang badhe dirombak kersane guru K1 lan K2 saget diangkat. Dirjen Pendis Prof. Komarudin Amien kagungan visi " Madrasah saget dados Tuladha ing Dunya " ( Madrasah bisa jadi Rujukan Dunia). Kanti kahanan mengkono mau awake dewe kedah kagungan seneng ana ing manah mergo dados guru Madrasah. Madrasah paling kathah madrasah ing Indonesia. Guru madrasah paling kathah wonten ing Indonesia. Islam paling kathah islam ing Indonesia.

Sekawan (4) tuladha madrasah ingkang badhe dipun rencanaaken, yaiku : 
1. Madrasah berbasis IT.  
2. Madrasah berbasia Keagamaan.
3. Madrasah Berbasis Reguler ( paling kathah ing Grobogan )
4. Madrasah berbasis Agama dan Ketrampilan Khusu
 
Mekaten ingkang badhe damel rujukan wonten ing Indonesia. Migiyo wonten manfaatipun. Aamiin
Baca selengkapnya ...

Sabtu, 22 April 2017

Mengasah Karakter Santun dengan Bahasa Krama

Bagi orang jawa, tak bisa dipungkiri bahwa dengan berbahasa Krama, seseorang akan terlihat lebih santun dan layak di ajeni. Coba kita rasakan sekali lagi, bagaimana hati ini berbisik halus ketika mendengar siswa kita berkomunikasi menggunakan bahasa krama dengan kita, tiba-tiba hati kita jadi teduh, hal ini berbeda jauh dengan suasana saat mendengar siswa kita berbahasa ngoko, atau berbahasa Indonesia sekalipun.

Ajining diri Gumantung saka lathi” Hmm.. Harga diri seseorang memang sangat tergantung atas ucapannya. Dalam budaya Jawa tentunya Kalimat ini sering kita dengar. untuk itu alangkah baiknya jika Istilah tersebut juga diterapkan kepada anak didik kita. Zaman sekarang sangat sulit sekali menemukan anak – anak yang berdialoq dengan bahasa Jawa apalagi krama. Padahal keadaan ini adalah tanggung jawab kita sebagai Guru. Kita dituntut untuk merubah keadaan  yang sangat memprihatinkan ini. Apakah kita akan diam berpangku tangan? Tentu tidak khan.

Menurut Jacobson (dalam Alwasilah 1993:89) menyatakan beberapa fungsi ujaran sebagai sarana komunikasi. Dimana berfungsi sebagai emotive speech, Phatic Speech, retorical speech (ujaran berfungsi memengaruhi dan mengkondisiskan pikiran dan tingkah laku para penanggap tutur) metalingual speech dan poetic speech. Disini peran bahasa kromo pada ranah poetic speech dimana ajaran yang dipakai dalam bentuk tersendiri denganmengistimewakan nilai – nilai estetikanya.

Sebagai orang Jawa kita harus terus melestarikan budaya Jawa. Karena Bahasa Jawa itu adalah merupakan bahasa Ibu. Tidak akan hina kita kok jika kita memberi contoh kepada anak didik kita dengan berbahasa Krama. Ini bisa kita terapkan dirumah, sebagai awal pendidikan karakter. Sebagai Ibu dan ayah dari anak kita kita terlebih dahulu memberikan contoh.Jika sudah diterapkan di lingkungan keluarga tentu imbasnya akan mengalir sendiri kesekitar sekolah dan masyrakat.


Kita sebagai masyarakat timur yang menjunjung tinggi nilai sopan – santun tentulah tidak akan rela jika sebuah kebudayaan Bahasa Ibu yakni Bahasa Jawa akan menghilang dari hati kita. Fungsi bahasa sebagai sarana komunikasi, hal ini disampaikan oleh Jacobson ( dalam Al dengan wasilah chaedar,1993:89 ) menyampaikan beberapa fungsi ujaran sebagai alat komunikasi. Diantaranya “Poetic Speech” ujaran yang dipakai dalam bentuk tersendiri dengan mengutamakan nilai estetik.
Dalam keaadaannya keadaan didalam masyarakat Bahasa krama sekarang menjadi bahasa gado – gado. Saya pusing sendiri terkadang mendengar teman berkata Bahasa Jawa rempong terus kelamaan. Makanya saya memilih dengan menggunakan bahasa Indonesia saja secara umum tidak banyak aturan.

Sebenarnya Bahasa Jawa krama itu tidak sulit, tetapi karena kita jarang menggunakan. Maka kita tidak terbiasa. Mulai berkurangnya pemakai bahasa jawa terutama dikalangan anak- anak dan anak muda, membuat nilai plus didalam pergaulan karena dianggap mempunyai kemampuan menguasai bahasa krama yang santun yang dibilang banyak orang sulit dipelajari.Dan anak yang berbahasa krama mendapat prestasi dan angka plus dimasyarakat.

Untuk itu tidaklah salah jika kita sebagai orang tua memberikan bekal Bahasa Krama untuk putra putri kita tercinta, agar didalam kehidupan bermasyarakat lebih diajeni dan lebih halus pekertinya. Tanamkan sejak dini “Budaya berbahasa Krama”
Selamat mendampingi putra – putri tercinta dalam mewujudkan budaya santun.

Baca selengkapnya ...

Kamis, 20 April 2017

Sinau bahasa Jawa lewat Pengetan Dinten Kartini

 
Para remaja putri, adik,mbak, calon ibu lan ingkang sampun dados ibu. Tanggal 21 Aptil Dipunpengeti dados dinten Kartini.

Wonten madrasah utawi sekolah umum siswanipun sami ngagem kebaya. Nanging pengetan hari kartini ora mung kudu ngagem kebaya ingkang sae.Ananging kedah emut kaliyan sedanten perjuangan Raden Ajeng Ayu Kartini. Kartini salah setunggale wanita Jawa kang mijil saking tlatah Jepara.Zaman biyen Para bangsawan migunaake bahasa Jawa kanggo bahasa saben dinane.
 
Sinau bahasa Jawa lewat Pengetan Dinten Kartini

Kartini sosok ayu kang kita mangertosi bilih Kartini miyos tanggal 21 april 1879 ing Jepara. Suargi wonten ing Rembang.Jawa Tengah 17 september 1904 (wonten yuswo 25 tahun).Raden Ajeng Ayu inggih punika Tokoh Putri Jawa lan pahlawan Nasional Indonesia. Kartini dados pelopor Wanita Pribumi.Raden Ajeng Ayu Kartini saking keluarga para priyayi utawi Bangsawan Jawa. Putrinipun Raden mas Adipati Ario Sastroningrat, patih kang diangkat dadi Bupati Jepara menawi bu Kartini M.A Ngasirah. Kartini putri no 5 saking sewelas bersaudara. Kartini Putri mbarep. 

Sejarah pengetan dinten kartini kapundhut saking dinten lairipun Kartini. Pramila ing saben tanggal 21 April menika masyarakat Bangsa Indonesia mengeti dinten kartini. Sedaya niku amung saking perjuangan Raden Ajeng Kartini ingkang sampun ngangkat derajatw kaum hawa Indonesia ngantos sami kaliyan derajate kaum hawa. 

Asli perjuangane Raden Ajeng Ayu Kartini pranyata sakeatu saget kaleksanan, sampun kathah wanita kang sekolah,dados pemimpin, kathah wanita kang kagungan jabatan penting dados pemimpin. Kawontenane Raden Ajeng Ayu Kartini nuwuhale hasil kang kasebut "Emansipasi Wanita" ingkang artosipun ngangeninng hak panggesangan sami antawisipun kaliyan priya. Dipun lajengaken piyambak geh contonipun? 

Emansipasi wanita kang kasebat wau ampun dados kita sebagai Ibu terus supe kaliyan jati diri lan tugas ingkang luwih penting lan utami. Tugas niku mboten sanes inggih punika tugas sebagai Ibu rumah tangga. Kang kedah ndampingi putra lan putri kita ong tengahing gesanh(hidup). Kartini masa modern kedah saget maringi tuladha kagem putra-putrinipun. Kabeh mau bisa ditindakkae kanthi ngaltih kang putra kaliyan ilmu basa krama kanti tujuan nglestareake budaya bangsa. Lan bahasa ibu yaiku Bahasa krama. 

Wonten istilah "Ajining diri gumantung saka lathi" hmmmmm....... dalam Bahasa Indonesia artinya harga diri seseorang memang sangat tergantung atas ucapannya. 

Wonten ing budaya Jawa sesanti niki sering dipunucapaken. Kanthi menika kita sebagai Ibu saget nerapaken wonten ing keluarga ingkang penting inggih punika ngajari kang putra sinau lan nerapake ngenddikan kaliyan basa krama. 

Amargi kahanan niki dados tanggung jawab kita dados Ibu.Mergi pendidikan dipun mulai saking pendidikan keluarga.
 
Kendel mirsani kahanan ingkang sakmenika damel manah lan ati sedih mergo katha bocah kangboten nduwenj unggah-ungguh basa lan ora duwe tepa selira kaliyan tiyang kang luweh sepuh. 

Tugas dados piyantun Jawa inggih punika nglestareake budaya Jawa, AMarga Bahasa Jawa dados Bahas Ibu. Monggo dipun terapaken geh wonten keluarga piyambak piyambak. Aypayanw mremen wonten sekolah lan masyarakat. menawi mireng bocah mraktekale bahasa krama lak nggeh dados ayem toh wonten manah.
 
Monggo ibu kartini modern.kita sami belajar bahasa krama.

Mskaten saking kawula mugi saget dados piweling kagem awake kula piyambak lan Ibu Kartini Modern.

Ampun ninggal budaya jawi geh...
Baca selengkapnya ...

Rabu, 19 April 2017

Diklat Tekhnis Substantif Peningkatan Ketrampilan KTI Kagem Guru Madrasah

 DDWK-KTI-Kemenag-Grobogan

Diklat ana ing wilayah kerja kang ana Bahasa Indonesiane asring dijenengke DDWK (Diklat Di Wilayah Kerja) kang diselenggarakake Balai Diklat Keagamaan Semarang, banget nyaossake rasa seneng kanggo Guru Madrasah ana ing Kementerian Agama Kabupaten Grobogan.

Diklat kang rencanane arep dilaksanakake antarane tanggal 18 april 2017 tekane tanggal 22 April 2017 iki nduweni pinen-pinten tujuan yaiku : Menehi Semangat ( Motivasi ) kanggo guru Madrasah, Musyawarah atau rembuk , Sinau bareng kangge ningkatake kompetensi guru, Nyinaoni 10 macem Karya Tulis Ilmiah, Ngulomboro ilmu supaya isa ngrasakke endahe pemandangan ... eh ampun salah maksute nek kene yaiku masalah Karya Tulis Ilmiah supaya bisa mpraktekake ana ing Pendidikan Madrasah. 

Peserta Diklat KTI (Karya Tulis Ilmiah) Kementerian Agama kabupaten Grobogan kang manggon ana ing Hotel FRONTONE Purwodadi, Jalan Gajah Mada No.89 Kuripan Purwodadi cacahe ana 70 peserta. 35 saka Guru Madrasah Tsanawiyah/Madrasah Aliyah lan 35 saka Madrasah Ibtidaiyah.

Ana ing sambutan pembukaan, Tim panitia menehi pesen “monggo dimanfaatake wektu limang dina iki kanggo sinau bareng lan aja dilirwa’ake“ merga liyane ilmu uga bakalan ana piagam, Mestine kabeh mau ora ditampa kanthi gampang ana syarate yaiku nggarap soal post test, Nilai afektif kasregepan lan kadisiplinan.

Ana ing Sambutan Sakdurunge mbika acara Kepala kantor Kementerian Agama kabupaten Grobogan ngaturi Pesen yaiku : Peserta kudu akeh syukure merga diwenehi fasilitas saka Balai Diklat Keagamaan Semarang, peserta ampun mbolos, mboten angsal ngantuk ana ing kelas merga bakale enek seng lulus lan ora lulus, Kudu semangat gawe karya Tulis Ilmiah sakrampunge kegiatan merga bakal enek tindak lanjut lan monitoring saka Balai Diklat Keagamaan semarang kang bakal diwakilake 5 Peserta kang isa nyiptaake Karya Ilmiah, Modul, utawa buku pelajaran, Merga piagam uga bisa kanggo Naikke Pangkat kudune luweh semangat.

KTI-Kemenag-Grobogan

Katrangan lan penjelasan saka Perwakilan Balai Diklat Keagamaan Semarang Dr.Hj.Siti Rohana yaiku Guru gadah tuntutan supaya bisa ningkatake Kompetensi Afektif, Kognitif lan Psikomotorik. Raos syukur kudune tumemplek ana ing atine kabeh peserta Diklat, mergo ora saben guru oleh melu Diklat KaryaTulis Ilmiah kados mekaten.

Mekaten saking kula, merga taksih latihan monggo sumbang sih utawi saran kula tenggo kangge Catatan Diklat Tekhnis Substantif Peningkatan Ketrampilan Karya Tulis Ilmiah Kagem Guru Madrasah meniko.
Ariska Zahara (Guru Mts/MA Nasyrul Ulum).
Baca selengkapnya ...

Sabtu, 08 April 2017

Nyetel lagu Suket Teki

Suket Teki

Aku seneng banget karo lagu iki

Ketimbang resik-resik sepi..

Nyetel lagu "suket teki" ciptaan kang mas Didi kempot..
Tapi iki versi Via Valen

Asyik...

Hmmm artine gawe mbrebes mili...
Eh ojo salah aku ora nangis lho..
Spesial kanggo "AY" ingkang sampun maringi pitutur, semangat, ugi donga..
Sliramu nyukani semangat baru "AY"

Nopo sedanten geh seng luwih penting matur sembah nuwun "AY"
Pak guru Lativi AL,Pak Alam Endah, Pak yai Al Fatah..
Angsal geh posting ngaten niki hehe..

Lagu suket teki

SARAT MAKNA.....KUAT, TABAH, PANTANG BALELO.

(Aku tak sing ngalah)
Aku yang kan mengalah

(Trimo mundur timbang loro ati)
Lebih baik mundur daripada sakit hati

(Tak uyako wong kowe wis lali)
Tak kerjarpun kau sudah lupa

(Ora bakal bali)
Tak mungkin kembali

(Paribasan awak urip kari balung)
Ibarat badan hidup tinggal tulang

(Lilo tak lakoni)
Rela ku jalani

(Jebule janjimu jebule sumpahmu)
Ternyata janjimu ternyata sumpahmu

(Ra biso digugu)
Tak bisa dipercaya

(Wong salah ora gelem ngaku salah)
Orang salah tak mau mengaku salah

(Suwe-suwe sopo wonge sek betah)
Lama-lama siapa yang kan betah

(Mripatku uwis ngerti sak nyatane)
Mataku sudah tahu kenyataannya

(Kowe selak golek menangmu dewe)
Kau hanya mau menang sendiri

(Tak tandur pari jebul tukule suket teki)
Ku tanam padi ternyata yang tumbuh rumput teki


Reff :

(Paribasan awak urip kari balung)
Ibarat badan hidup tinggal tulang

(Lilo tak lakoni)
Rela ku jalani

(Jebule janjimu jebule sumpahmu)
Ternyata janjimu ternyata sumpahmu

(Ra biso digugu)
Tak bisa dipercaya


(Wong salah ora gelem ngaku salah)
Orang salah tak mau mengaku salah

(Suwe-suwe sopo wonge sek betah)
Lama-lama siapa yang kan betah.

Mekatrn saking kula matur sembah nuwun
Menawi bade mireng kulo nyanyi, monggo dipun midangetaken :

Baca selengkapnya ...

Welinge Simbok

Latihan gawe geguritan meneh karo nunggu subuh..  Kita kudu nguri -nguri Budaya Jawa
Bocah -bocah ya bisa kok gawe geguritan dewe. Ayo latihan yo...


Jago kluruk ...kukuruyuk
Wayah rino wes ngawe awe
Wayah manungsa pada nyambut gawe
Seng bocah siap olehe budal sekolah
Ah...........

Manungsa urip mung sakderma wayang
Kang kudu siap ngenteni lakon
Soko Pak dalang
Aq kelingan pituture simbok

Nduk...
ojo gampang kagetan
Ojo gampang gumunan
Ojo wedinan

Dadio bocah seng kendel ya
Pikiran seng madhep kabecikan
Linuweh mulya
Urip bakal adem, ayem lan tentrem
 
                                     Kagutit : Zahara Ariska





Baca selengkapnya ...

Ajaran Budaya Jawa

Ngluruk tanpa bala, 
menang tanpa ngasorake,
sekti tanpa aji-aji,
sugih tanpa bandha".

Ajaran Budaya Jawa
 
Artosipun:
Gelem berjuang kang tanpa ngandelake kekuasaan utawa pangkat;
Dadi manungsa oleh kejayaan tanpa ngremehake lan ngisinake mungsuh utawa wong liyan; diajeni dihormati tanpa ngendelake pangkat, dunya, utawa trah/keturunan ;
Sugih tanpa nduweni raja brana kang magur magur. 

Ajaran iki murah lan cilik banget.nanging kerep dilirwaake.ana ing era digital iki.amarga wis dianggep ketinggalan zaman (kuna) lan ora gaul bahasane hehehehe...isa uga diarani "ndesit" ungakapan iki ora kawentar. weladalah, mergo ora paham opo kang dikarepake.substansi artine ajaran kang katulis. Istilah iki menehi maksut kang ora pas(relevant, kui kang mbiyen doeloe' saiki ora usum, (ora wayahe?
 
Monggo dipun simak 
fenomena saiki kang lagi misuwur, sitik-sitik demo, demo kok sitik,hehe.....mergane ora gelem narima maranag kebijakan pemerintah utawa keputusan pabrik utawa perusahaan. Manungsa rame-rame menehi ontran ontran kang ora jelas.kanggo nyampekake kepinginan kelompok kang ora jelas.hem,..... tempoe doeloe ora payu, doeloe utawa mbiyen yen ora sepaham karo bos hehe , nek uwis ngono nindakake gerakan "tapa pepe" , ijen,nyepi.... 

Tuladhane pas ora cocok kang dikarepake. Mesti gawe ular ular "iki dadaku endi dadamu"
 
Iki seng tak coba ngartekake 'nglurug tanpa bala, menawa iku kang jenenge "watak ksatria" Siji mbaka siji , Kaya UFC, atau tinju, 

Ing jaman saiki wanine keroyokan, sitik -sitik pengerahan masa............

Endi kang ksatria dan perwira.. zaman doeloe utawa era digital....... 

Ingkang badhe nambahi nyumanggaaken. Wong ki sinau dolanan blog supaya bisa kados bapak guru Lativi AL, Bapak Alam Endah, yai Al Fata..amin
 
Mb ayu ida.. ditranslet bhs Bali Yak 
Bun mel ..ini aku translete hehehe... 
Spesial kagem panjenengan geh 

Ngluruk tanpa bala, 
menang tanpa ngasorake, 
sekti tanpa aji-aji,
sugih tanpa bandha".

Artinya: 
Berjuang tanpa membawa massa berjibun;
menjadi pemenang tanpa merendahkan/ mempermalukan lawan; berwibawa tanpa mengandalkan power, materi, ataupun trah/keturunan;
kaya tanpa memiliki harta melimpah.

Ajaran tersebut simpel sekali namun sering tergadaikan,di era digital, karena dianggap ketinggalan zaman (kuna) dan tidak membumi. Ungkapannya saja 'desit' tidak populis, weladalah, karena tidak paham substansi kandungan ajaran yang tersirat, kemudian melabeli 'ah tidak relevant, itu kan doeloe' sekarang ora usum, (tidak masanya).

Mari kita simak fenomena sekarang yang lagi ngetend, sedikit-dikit demo, demo kok sedikit,hehe, karena tidak puas dengan kebijakan pemerintah atau keputusan perusahaan, orang rame-rame, mengerahkan pasukan secara massal untuk menyampaikan aspirasi, hem, tempoe doeloe tidak berlaku, doeloe kalau tidak sepaham dengan atasan , maka melakukan gerakan "tapa pepe" (berjemur di bawah terik matahari tanpa baju tapi bercelana) ijen (sendirian)....

andai tidak puas , atau kecewa dengan seseorang karena harga dirinya dilukai, pasti dihadapi dengan slogan, " ini dadaku mana dadamu", itulah makna 'nglurug tanpa bala, barngkali itulah yang disebut 'satria' satu lawan satu, laksana UFC, atau tinju,

Di era sekarang, braninya keroyokan, dikit-dikit pengerahan masa............

mana yang lebih satria dan perwira.. zaman doeloe atau era digital........?
Baca selengkapnya ...

Jumat, 07 April 2017

Nyuwun donga Tangga Teparo

Tradisi Jawa akeh wujudipun. Yen arep duwe gawe kayata netakae(sunat) lan nikahake anak. kenduren,khajatan,slametan mangkono sering disubut iatilahe.Tradisi iku duwe ancas Nyuwun berkah lan keslametane saking Allah SWT tumpraping gawe utawa niat hajat kang badhe katindakake kanthi lumantar donga. 

Nyuwun donga Tangga Teparo

Pandongane ora mung katindhaake dening keluwarga,Nanging, tangga teparo,sesepuh, Pak lurah dijaluki tulung supaya bisa bebarengan dongakkake. Sakdurunge acara khajatan/slametan/kendhuren undangan diwenehake utawa dikabari arupa lisan marang tangga teparo kang dijaluki tulung ndedonga bebarengan. Jam wes katemtokake. Miturut pengalaman kang wes lumaku nganti saiki,tangga teparo kang diundang mau teko utawi rawuh ngepasi jam.

Yen kabeh wis padha nglumpuk,acara diwiwiti.Tetuwa kampung,biasane modin, kang mimpin donga utawa acara, saka wiwitan nganti pungkasan.Ing wiwitan acara kadus utawa kamituo kampung menehi ngerti marang undangan bab apa kang dadi kekarepane kang duwe gawe.Sakbanjure terus mimpin undangan dedonga marang Allah SWT, yasin,tahlil kan ditambahi nganggo donga kang bahasane Jawa.

Kang rawuh ing acara slametan yen dongane wes rampung, leren sakwetara, nganakake ramah-tamah. Ing kono kang duwe gawe atur pasogatan.Ana teh angey lan jajanan macem-macem.Jajanan biasane diwadahi piring, didhahar bebarengan.

Jajane maneka warna ana jajan saka toko , ana jajan gawean dewe kayoto kacang goreng, roti, lemper,wajik, lan yen usum woh - wohan, kala -kala ana melon, semangka, salak, jambu air, pisang lan lspt. Yen wis diincipi jajan kang disogatake utawa dicawisake kabeh undangan terus padha bali.

Baline digawani "brekat" arupa kerdus, besek, utawa wakul plastik kang isine sego,iwak,sayur lan uborampene.saben wong siji gawa siji. Ananging menawa ana tangga kang ora bisa teko 8ng acara. Kang omahe cedak omahe dititipi kanggo seng ora teko ki mau.Dadi kang bali enek seng nggawa siji.lan ono seng dobel.

Sawise khajatan, kang duwe gawe biasane langsung nrima tamu kang buwoh (nyumabng). Biwah iku enek isine dhuwet. Yen ora ngono sesuk pas mulai due gawe kabeh tamu moro kato nggawa buwohan.

Dadi sakbubare khajatan terus katindakake due gawe utawa ramenan. Kang melu khajatan utawa slametan terus katindakake due Gawe.
Baca selengkapnya ...

Tekamu

Cerita iki kawiwitan 
tanpa dinyana
Sliramu tansah katon ana ing netra
ngawe awe - awe 

Gumuyumu agawe ati tentrem
Suaramu tansah gawe ayem ana ing manah
bebudenmu santun 
Lembah manah marang liyan

Trenyuh ati dakrasakne
mrebes mili loh putih ana ing pipi 
nanging ati iki bungah
kabeh iki mergo welas asihmu

Duh ..Gusti....
donga iki kawiwitan 
Kula Pasrahaken 
Mugi Tansah kerso maringi Ridha

                                     zahara Ariska
Baca selengkapnya ...

Urip mung Sakderma

Ora bisa turu...
Latihan opo iki kira -kira

Gawe geguritan ahh...

Sepi wengi iki
nuntun tanganku
Menei coretan ana kertas lembaran putih
Laku urip siji baka siji linambaran ana ing pikir


Ora bisa owah ....
manungsa kabeh wes enek pestine
Tibo keloro loro banjur tangi dewe
Golek cara piye supaya bisa uwal saka coba
Nanging kabeh iku wea ginaris

Kabeh laku pacoban urip kang kudu disyukuri
Manungsa amung bisa narima
Kabeh wes ginaris
Ojo den siro lali Gusti kang murbeng Dumadi

Urip ana ndunya ora mulyo
ing tembe mburi mesti bakal tekan pati

Wes dienggo latihan disik ya...
Ketimbang ora ono seng ditulia.
Ngendikane pak guru Alam Endah ..
Nulis ora kudu apik seng penting sering latihan.

Mergo blog iki sarana kanggo latihan.
Matursbah muwun bapak guru Lativi AL, Bapak guru Al Fata, Pak guru Masdad, lan rencang rencang sedanten .

Sumangga kanti raos seneng lan syukur. Monggo kanthi sesarengan sami ngudi kwaruh wonten ing BGM L1..

Matur sembah nuwun


Baca selengkapnya ...
Designed Template By Blogger Templates - Powered by BeGeEm