Breaking News

Jumat, 07 Juli 2017

Utang kang Dereng Saget Dibayar.

Esuk iki karo njalani piket ana ing madrasah , timbang ngalamun tak coba nulis kang dadi unek -  unek ana ing sakjroning manah. Sebagai intropeksi awakkku dewe bilih anak iku salah sijine amanah saking Allah SWT.

Kerep lan sering banget awake dewe nesu karo anak kita dewe. Mbuh mergo awake kesel, emosi,utawa pas awake dewe kokean masalah. Kita asring banget mbentak anake dewe senajan kita ora ngerti salahe kui apa. Ora sitik gawe nangis merga awake dewe pengen dimengerteni lan didungoake apa kang dadi kekarepame awake dewe.

Nanging.
Sak elek - eleke awake dewe ngopeni anak - anak kita, segalak- galake kita marang anak, sak nesu - nesune awake dewe tau mbentak lan nyentak anak. Anak tetep anak seng bakal menei kasenengan amarga anak mesti wae teko nggawa senyum/ ngguyu termanis kagem ibuk lan bapake. enggeh napa mboten ? anak bakal ngilangake beban kang ana dengan senyum paling ikhlas kang bakal diwenehake kagem kita. anak tetep anak kang bakal menehi cinta lan sayang kagem kita kanthi ikhlas senajan kita ora mbales cinta anak kanthi menei raos cinta lan sayang kang cukup. anak tetep anak kang bakal menehi kabeh rasa koyo - koyo ora tau kadadeyan apa - apa.



Kerjo rina wengi kita laksanaaken minangka kagem kesejahteraan anak. anging sak wangsule malah anak kang menei rasa seneng lan tentrem ana ing manah. mereka selalu lan sering menehi kasenengan lan katentreman kagem kita. ngilangake sedih lan penat kita, anak kita kang ngilangake rasa sedih saking sedaya masalah wonten ing urip ing alam nduya iki. anak kita kang isa ngilangake kabeh beban kang ngebaki ana ing dada kita. Anak ingkang ngilangngake luh ana ing pipi...

Utangkita wes akeh kanggo  anak - ana kkita. Ana ing sedina wae kang isine 24 jam wae kita ora bisa ndampingi putra lan wayah kita. Ra bisa dampaingi kabeh aktifitas. Sepira suene waktu kang kita wenehake kagem putra - putri kita ? sepira wektu ingkang kita duweni kagem nyenengake  kagem memeluk lan ngrangkul, ndekep, nggambarake ngguyu lan senyum sejati ana ing pasuryan kang ora kebak dosa ? coba etung akeh endi kaliyan kita kerjo.si buah hati kita mbetahaken kita kaya banyu ana ing mangsa ketiga.

kagem putra putri kita,
saktemene kang menehi pelajaran kagem kita. pelajaran kang mangerteni anak lebih isa menerima / narima ing pandhum ( dalam bahasa Indonesia lebih dewasa dan menerima apa adanya ).
Anaklah ingkang mampu menehi pelajaran menawi manungsa iku kudu luwih apik saka sakdurunge.

Sak elek - eleke awake dewe dadi wong Tua, Putra - putri kita selalu siap dadi manungsa kang luhur pakertine, andhap asor, lan apik tata kramane. ugi menehi sedaya kang sae kagem kita.

Kita mesti wae mesti nambah utang kanggo putra - putri kita amarga saben dinane, tanpa disengaja anak mesti dadi korban saka eleke emosi lan kekarepan kita. Iki ndadekake bukti bilik kita ora bisa ngelola emosi. Anak anak kang kobong kados residu. Anak anak seng nanggung konsekuensi saka  nasib elek kang kita damel piyambak.

Anak - anak asring dadi korban masa depanny minangka ulah kita piyambak, Gara - gara kita ora bisa nemtoske masa dsepan kang sae. Nanging anak - anak tetep tersenyum ikhlas lan manis kagem kita. Mesti lan berusaha ndamel kita seneng lan bahagia.


Knthi manah kang sae, Mnggo sami wangsul wonten dalem.monggo kita murugi anak kita kersane anak keraos nyaman lan tentrem. monggo sami dipenggalih bilih taseh kathah utang kang dereng saget dibayar kagem anak kita.Nyuwun Pangapunten kaliyan Allah merga kita dereng saget dados tiyang sepuh ingkang sae.

Mugio Kathah kasenengan lan kebahagiaan kagem tiyang sepuh lan putra kita.sakbadone niki. amin



2 komentar:

Designed Template By Blogger Templates - Powered by BeGeEm