Breaking News

Jumat, 04 Agustus 2017

Sakedik Carios "Taman Sardi"

Dina iki Jum'at 4 agustus 2017.
Alhamdullillah bisa libur makaryo kewajiban piyantun estri wonten dalem. Nyiapake bekal, nganter anak wedok sekolah ing madrasah. Kawet dina selasa tak rasakke beban iki saya tambah.

Ana ing madrasah mulai tahun ajaran enggal kathah sanget kegiatan.kabeh kudu dilaksanaaken kanthi ikhlas senajan tugas lan gawean ibu kagem anak wedok kedah dilaksanaaaken.
Sinambi makaryo ana omah ra kroso jam jemput anak wedok sampun ngawe awe.  Rencanane anak wedok arep tumut wonten Taman Sardi merga siswa Mts Nasyrul Ulum nganaake Kegiatan Pembekalan Dewan Penggalang.  Ananging rencana tumute anak wedok ora kelakon amargo ana les pramuka ana ing madrasah. Jam setengah kalih ngeterne anak wedhok les pramuka mergo arep Jamran.

Hmmm... Mergo kelingan tanggung jawab mau bismillah mangkat Taman Sardi. bumi Perkemahan Taman Sardi dumunung ana Kec.Colo Kota Kretek.  Mlebet area Perkemahan sampun keraos adhem lan sejuk.  Bisa ngilangake semprawute pikiran hehehe..... Perjalanan suwene 1,5jam. Pas wancine Asar dumugi tujuan.  Sakwise adik rampung jamaah tugasipun outbone.


Materi meniko gadhah Tujuan menehi raos kendel,trampil lan nglatih kedisiplin ugi kebersamaan. saksampune panitia dipun sukani Petunjuk Kegiatan. kegiatan terus diwiwiti. regu kang jumlahe 14 regu saka 9 regu putri lan 5 regu putra.
Raos seneng klumpuk karo kancane njaga kekompakan iku luwih penting ketimbang nilai menang opo kalahe.

Kegiatan sakbanjure yaiku reresik area perkemahan terus persiapan Jamaah sholat magrib. Adik adik calon Dewan Penggalang ugi kedah siap berjuang keagamaan wonten keluarga.  Salah sijine inggih punika ngabdi kaliyan kekalih tiyang sepuh wonten ing dalem.  Sakkedik ceroyos nggeh. Timbang mboten wonten gaweaan latihan nulis hahaha..
Ingkang nyerat ugi kedah dugi dalem jm 20.00 wib.. Assalamualaikum


Niki latihan nyerat geh pak guru ampun didukani.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Designed Template By Blogger Templates - Powered by BeGeEm