Breaking News

Jumat, 30 Juni 2017

Ngintik Sakedik Cariyos Kupat lan Lepet

Alhamdullillahirobil alamin....
Wonten ing siang menika taksih ngraosaken kesehatan lan nikmat saking Allah Swt. suasana lebaran utawi bodo taksih karaos wonten manah kita. Sinambi godog kupat lan lepet lan nenggo masakipun. kula badhe nyerat cariyos Kupat lan lepet. Kula pertados mungkin hasilipun nyerat kathah sanget kekiranganipun nanging mboten dados menopo nggeh?

Ngintip Cariyos Kupat lan Lepet

Kaliyan nikmati liburan lan ngraosaken suasana silaturahmi kaliyan keluarga sampun romaos bingah sanget. Pangapunten kula aturaken kagem sedaya ingkang nglodangaken wekdalipun maos coretan ingkang tebih saking sampurna saking kawula. Sampun lumayan dangu mboten nyerat, saklerese wonten raos kangen sanget sami kaliyan kula ngraosaken kangen kalih panjenengan hahaha...sinten kinten-kinten geh?

Wekdal punika taksih wekdal riyaya mboten wonten klentunipun menawi kula ngaturaken lepat kula kagem sedaya bapak Guru wonten ing BGM pak guru Lativi, pak guru Alam Endah, pak Guru Al-Fata, pak Guru Masdad, bunda amel, mb ayu, bu Nining, pak Taufiq, lan rencang sedanten ingkang mboten saget kula sebat. Sepindah malih ngaturaken Gilir Gumanti padhang tetrawangan ing wayah ratri, kawula ngaturken sugeng riyadin sugeng karaharjan, rena ing penggalih kawula nyuwun agunging samudra pangaksama lahir trusing bathos, migio tansah winengku ingvkaraharyon lan widada sambikala. selajenge pangapunten menawi telat tugasipun hahaha...

Sampun dhahar kupat napa dereng? Monggo sami dahar kupat wonten siang menika.
Kupat kaliyan lepet inggih punika dhaharan tradisional saking tlatah Jawi. Piyantun Jawa/leluhur Jawa kagungan istilah, satindhak sapecak anggone paring tuladha kagem putra lan wayahipun (cucu). Kanthi pralambang, pasemon, ugi mawa simbol. Salah satunggale watak piyantun Jawi inggih punika Lantip ing panggaruta, alus ing suba sito, tata krama lan solah bawa. Sak lakune utawi tindhak lampahe mesthi dipun penggalih riyin kanthi wening ing saklebete pikir. Mboten angger mlampah semau gue dong hahaha..lan mboten asal tumindak. Laku brata lan laku pasa mungguhing tiyang Jawi sampun kados sekul lan jangan (sudah seperti nasi sama sayurnya) ugi dados pakulinan/kebiasaan.

Laku pasa ugi laku Bratawonten ing Jawa dipun laksanaaken piyantun kang nggadahi pangangkah utawi sinedya (cita-cita kang minulya) dalam bahasa indonesia mempunyai cita-cita kang Luhur. Piyantun jawi mesthi nglampahi laku siam mutih, siam ngebleng, siam senin kamis lan siam sanesipun. Cundhuk kaliyan lampahipun piyantun Jawi menika. Ajaran Agama Islam ingkang nggadahi ajaran nglampahi siam wonten ing wulan Ramadlan. Kagem piyantun Jawa nglampahi Siam Ramadlan mboten perkawis ingkang werat lan angel. Malah cocok ugi trep kaliyan kahanan, pakulinan, adat lan budaya Jawa.
Kagem nglamapahi Rukun Islam, Para wali yasa wonten ing tembang “Ilir-Ilir” Wonten ing tembang niku wau wonten syair kang gatranipun kadhos makaten :
Cah angon, cah angon penekna blimbing kuwi
Lunyu –lunyu penekna, kanggo mbasuh dodot ira 

Saindenging Jagar Jawa, ingkang dipun wastani blimbing mesthi ana limang lining. Liningan niku cacahipun wonten gangsal ( semua blimbing pasti mempunyai 5 garisan ). Liningan kang wonten cacahipun gangsal menika nggambarake menawi Rukun Islam niku wonten gangsal cacahipun. Sedanten nggambarake Tembung kalimat Syahadat, wonten ing istilah pewayangan dipunwujudaken lumantar pusakanipun Punthadewa kang aran “Jimat kalimasada”. Ilat Jawi yen dipun dhawuhi mungel “kalimah syahadah” niku kangelan dadosipun “kalimasada”.

Saksampune nglampahi siam sewulan wontene kanthi raos bingah sami ngrayaake dinten kemenangan kang arane bada. Wonten ingkang nyebat bakda utawi lebaran. Wonten ing bada niku, sakwontene piyantun jawi kapara sak Indonesia mesthi damel kupat lan lepet. Panjenengan damel mboten ? heheh...

Sunan Kalijaga piyantun kang sepindhahan ngenalaken wonten ing masyarakat Jawa. Sunan Kalijaga maringi tradisi ingkang taksih dipun uri – uri masyarakat Jawi. Inggih punika kaping @2 BAKDA, Bakda lebaran lan Bakda Kupat kang dipun wiwiti seminggu sak bakdane Lebaran.

Tumprapipun piyantun Jawi, Kupat kaliyan lepet ingkang dipunnikmati wonten ing bada menika wonten maknanipun lan ugi dados pralambang lan srawunging manungsa kaliya Gusti Allah SWT, Manungsa marang manungsa sanesipun,. Kupat lan lepet menika damelipun mboten sakdrema didang kaya damel sekul wonten magicom utawi wonten pawon. Damel kupat lan lepet mbetahaken wekdal kanthi sabar. Damelipun kanthi cara dibuntel, ditaleni, digodog ing kwali utawa dandang kanthi suhu panas kang dhuwur mbetahaken wekdal ingkang dangu sanget sahengga kupat lan lepet saget mateng. Menawi nggodogipun dsekedap mboten taneg, kupat lan lepet mboten eco raosipun ugi kepyar ora lengket. Proses, wujud, lan tegesipun saget nyukani tuladha mekaten :

Sakdangune setahun kita nglampahi tindhak laku, mestinipun wonten tumindak kang sae lan awon ( Selama kita melakukan sikap dan tingkah laku pastinya ada kesalahan dan kebenaran yang telah kita lakukan ). Saelan awon kagem Gusti Allah SWT ugi sae kaliyan awon kaliyan sesami kita. Tuldhanipun kita dipun lebetaken wonten kawah candradimuka kagem nglebar sedantenipun kita nglampahi siam wonten ing wulan Ramadlan. Kados kupat lepet ingkang digodog kanthi molak-malik kersane mateng. Semanten ugi kula lan panjenengan dipun didik wonten kawah candradimuka ingkang mujudaken hubungan kita kaliyan Pangeran. Hablunminalloh...

Dene wujudipun kupat kaliyan lepet menika sanajan asalipun saking uwos ( beras ) lan saka ketan, salwise digodog wujudipun mboten uwoslan ketan malih. Sampun mboten ijen ananging sampun makempal. Benten kaliyan sekul kang dipun masak biasa wujudipun taksih kepyar malih. Wujud kanthi mekaten monggo damel penggalih ingging menika kedah saget merenung, menghayati saksampune sewulan pasa kita saget nyuwun pangapunten kaliyan sesami kekancan kersane saget lengket kados kupat lan lepet. Sedanten saget dipunwujudaken kaliyan silaturahmi ampun gamping anggenipun crah, cengkah, lan regejegansaengga saget mecah persatuan lan kesatuan. Hablunminnas...

Pripun sampun ngraosaken kupat enjang menika ..heheheh

KUPAT 

Kupat kereta basane Kula lepat
Ana ing Filosofi Jawa, ketupat kagungan arti ingkang khusus. Ketupat utawi kupat Nggadahi arti Ngaku lepat dan laku Papat. Ngaku Lepat artosipun purun rumaos bilih kagungan klentu utawi salah. Maksutipun kita selaku tiyang Jawi yen panci kagungan kaluputan kedah purun nyuwun pangapunten. Mboten tumindhak sesongaran, gumedhe, kuminter, kumalungkug, sapa sira sapa igsun. Mboten paren mirsani pangkat lan drajadipun. Menawi kagungan luput kedah purun ngakoni luput. Banjur kedah purun nyuwun pangapunten. Laku Papat kagungan teges sekawan Tindakan. 

*Ngaku Lepat* 

Wonten ing dinten riyadin wonten tradisi kang mboten saget uwal saking manahipun Jiwa piyantun jawi inggih punika Tradisi Sungkeman ingkang dados Implementasi ngaku lepat (Mengakui kesalahan) kagem piyantun Jawa. 

*Laku Papat* 

1. Lebaran
2. Luberan
3. Leburan
4. Laburan 

LEBARAN : Sampun dangan angsale kita ngraosaken Ariyaya, tandane inggih punika rampungipun wanci Ramadlan utawi puasa. 

LUBERAN : Meluber atau melimpah , artosipun turah artosipun ngajak kagem sedaya kaum muslimin supados kersa bersedekah kagem kaum fakir miskin. Kanthi wontenipun Zakat Fitrah. 

LABURAN : Saking kata labur, kanthi tanda kapur ingkang sampun sering dipun ginaaken kagem ngilangake buthek wonten ing toya, saget ugi damel pemutih wonten ing dinding utawi tembok. Maksutipun inggih punika kita saget njagi sucinipun lahir lan bathin kita.
 
LEPET  

Lepet niku salahsatunggaling dhaharan tradisional ingkang didamel saking beras ketan kang dipunbungkus kaliyan janur. Saget dipunpahami umpami wonten lepet mesthi ugi wonten kupat. Wonten ing Laladan Grobogan biasanipun dipundamel wonten wanci pitungdinten sakbadane riyaya utawi lebaran/IdulFitri lan sakbakdane asring dipun sebat “Bada Kupat“, nalika Bada kupat ing Grobogan dipunwontenaken Bancakan ngagem ambengan kupat lan lepet. Asmane wonten daerah Grobogan saget dipun sebat kaliyan Bada Kecil (Hari raya Kecil). Lepet = silep kang rapet.Mangga dipun silep ingkang rapet, artosipun mari kita kupur / tutup yang rapat.

Arti kata niki wau kagungan makna inggih punika ngrampungakensedaya kalepatan utawi kesalahan ingkang sampun dipun ngapura ampun dipun baleni maleh, tujuanipun namun manunggal dados sakwiji kanti sae maleh kang dipun lambangaken kaliyan dhaharan saking ketan lan saget kanthil utawi lengket kados lepet. Menika sedanten saking peran Para Wali ingkang kerso berjuang kagem ngenalake Agama islam. 

Sabtu Pahing, 7 Syawal 1438 H
Baca selengkapnya ...

Selasa, 20 Juni 2017

Cerita Wayang


 Pandhawa Lima

Wayang kang sampun misuwur ana ing masyarakat iku lumrahe cerita kang critakake jaman wayang Mahabarata. Lan cerita Ramayana.Cerita Ramayana anane luwih dhisik nanging prayata kanggone puyantun jawa crita wayang Mahabarata katon luwih digandrungi utawa disenengi. Bab iki kabuktekake kanthi wontene paraga wayang utawa gambar wayang kang dipasang ing saben omah,sekolah awet jenjang SD/MI,SLTP/MTS,SLTA/MA/MAN. ana ing tembok saben kelas sampun cumepak gambar wayang.
  

 
Ingkang paling okeh dipasang yaiku tuladha paraga cerita wayang mahabarata Kaya mangkono iku nuduhake Manawa kang duwe omah pancen wis tepung lan nduweni tokoh kaya kang di idolakake iku. Tokoh Wayang Pandhawa lima akeh digandrungi anq ibg masyarakat.mergo nduweni sifat kang adiluhung lan saget bisa dadi tuladha tauladan ana ing pasrawungan masyarakat. Lan panci tauladan ingkang sae niku panci perlu.

Ana ing cerita pawayangan tuladha wayang Pandhawa sanget misuwur. Pandhawa iku cacahe ana lima, mula terus diarani Pandhawa Lima.
Satria pandhawa kang kapisan yaiku Punthadewa utawi yudhistira minangka putra pambayun, watak ambeg darma lan nrima ing pandum sarta adoh ing hawa kamurkan. 
Bima sena Utawa Werkudara kanggedhe dhuwur lan gagah prakosa kang nomer loro, kang angka telu yaiku Raden Arjuna Kumbang Ali-ali kang kondhang ngganthenge, prigel lan trampil manah minangka panengahe Pandhawa, dene kang pungkasan yaiku Nakula lan Sadewa mujudake satriya kembar kang uga duwe watak utama, ambeg darma, lan luhur bebudene. Wiwit cilik mula wis katon luhuring budi,seneng tetulung, welas asih marang sapadha wong kang nandhang kasangsaran.
 
           Raden Puntadewa iku peparab liyane Yudhistira, Dwijakangka, Gunatalikrama, Darmakusuma, kratone manggon ing Ngamarta utawa Indraprasta. Panjenengane kagungan garwa Dewi Drupadi putra putrine Raden Drupada, ratu ing Negara Cempala utawa Pancala. 
Werkudara satriya ing Jodipati garwane aran Dewi Arimbi. Arjuna satriya ing Madukara garwane Dewi Sembadra lan Srikandi. Nakula Sadewa satriya ing Sawojajar. Cethane Pandhawa lima iku watak lan tindak tanduke kena kanggo tepa patuladhane para kawula mudha. Apamaneh kadigdayan lelimane mujudake satriya kang pilih tandhing.
            Nalika dadi muride Pandhita Durna, Pandhawa wis bisa ngatonake kepinteran lan keprigelane. Raden Arjuna prigel menthang gandhewa lan trampil migunakake keris. Raden Werkudara dhasar gagah prakosa kondhang kagungan sanjaya kuku Pancanaka lan gada rujak pala. Pandhawa katon luwih prigel keimbang murid liyane. Ewasemana, ora tau lan pancen ora  seneng pamer kadigdayan.Malah watake andhap asor lembah manah lan ngajeni marang sapepadhane.
            Akeh lelakon kang dilakoni  Pandhawa kasengsaran iku mau dituwuhake saka Kurawa kang kepingin nyirnakake Pandhawa. Wusanane kabeh kasangsaran iku bisa kasil kabengkas lan kuwat dilakoni. Beda banget karo Kurawa sing ora kuwat nglakoni.
         Pranyata menawa dideleng ing antarane Pandhawa lan Kurawa iku isih kadang, sebab Pandhawa iku putrane Prabu Pandhudewanata. Sedenge Kurawa iku putrane Prabu Destrarastra. Prabu Pandhu Dewanata iku kaprenah adhine Prabu Destrarastra.
           Apa sebabe dene ing antarane kadang  Pandhawa lan Kurawa ora bisa rukun? Iki  amerga Dewi Gendari kepingin digarwa dening Prabu Pandhu Dewanata nanging kena apa kok malah diwenehake marang kangmase sing wuta iku ?. Mula banjur nibakake pangipat-ipat manawa besuk saturun-turunne bakal dadi mungsuh bebuyutan. 

Dipetik saka berbagai sumber. Migio wonten manfaatipun.amin
Baca selengkapnya ...

Senin, 05 Juni 2017

Sejarah Bahasa Jawa

Bahasa Jawa asale saka bahasa piyantun melayu ana ing sekitar Pulau Jawa, kayata Bahasa Sunda, Melayu, Madura, Dayak, Bugis, lansakpiturute. Bahasa kang dienggo ana ing pulau ana ing sebelah wetan, saka pulau madagaskar ana ing sebelah kulon, ana ing sebelah lor ana Pulau Farmosa, lan ana ing sebelah kidul yaiku Selandia Baru.

Bahasa ana ing wilayah kesebut mau kagolong rumpun bahasa Austronesia. Bahasa - bahasa kuwi mau asale dadi siji kaliyan bahasa Autronesia. Bahasa - bahasa ana ing Hindia ana mburi dijenengake Mon Khmer ingkang okeh podhone karo Bahasa Polong, Bahasa Samkai, Munda, lan Santali. Kabeh bahasa kasebut kagolong soko rumpunbahasa Austria.
Hasil gambar untuk gambar sejarah bahasa jawa
Ingkang nggunaake bahasa ana ing Indonesia lan daerah liyane nganggoake sak asal. Bahasa Jawa saka ukura madu basa, madu rasa, madu brata.

a. Madu basa
yaiku diantarane sopan santun berbahasa, tata bahasa, adat, lan ikhwal memadu bahasa. tujuane supaya bahasa katon manis. semanis  ngujengge panjenengan hehehe...
b.Madu rasa
Madu rasa tuladhane yaiku tepa selira, tepa - tepi, unggah - ungguh, eguh, tangguh, tuju panuju, empan papan, kala - mangsa, dan duga prayoga. Kemanisan rasa ingkang dipunalami ana tingkat kapindo luwih apik saka tingkatan sepindah, ugi luwih sik- asyik kaya lagune ayu ting - ting.. hemmm... kasenengan ingkaang sami kaliyan thalabul ilmi, ngudi kawruh, ora ana kurange lan kudune saya tambah ( semakin lama semakin bertambah ilmunya )
c. Madu Brata
(1) eling lan waspada atau awas eling.
(2) Nawung Kridha : manungsa iso ngrasakake piyambak menawa pemeliharaan urip mbetahake siakpa utawa tuladha kaliyan tabiat (sikap ) alam kang beda - beda. manungsa ingkang kedah adaptatif lan responsif kaliyan alam kang ana batas sakperlune. aja mbegegeg meneng wae.
(3)Pangestuti
yaiku daya batin kang diridhai Allah ( jinurung ing ghaib ), Kang mampu ngalahake sura dira jayaningrat.

Sistematika tingkat : madu-basa, madi-rasa lan madu brata kasebut padha kaliyan urip maknawiyah kawi sastra kang kanggone Dadi Prasapa sultan agung.
Tata trapsalianing wuwus
sandaning sastraSandhaning sasmita
( Damardjati supadjar, 1978:74-79)

Bahasa Jawi kagolong unsur penyangga kabudayaan kang adiluhung, nanging para pendukunge ora ana kang ekstrem kang kagungan tujuan  menawi bahasa Jawa sagetdidadosaken Bahasa Nasional. Bukti menika kanti jelas saget dipunpirsani bahwa bahasa Indonesia dipun tampi akng kaseut Bahasa Nasional, Persatuan lan kenegaraan. Keikhlasan, lahir batinora liya lan didorong kaliyan keutamaan kapentingan kang omba kang nggadahi tujuan nyiptaaken keharmonisan lan katentreman ana ing urip.


mpun nggeh sakkedik ceriyos niki mangke saget dipun lajengaken. matur suwun




Baca selengkapnya ...

Sesorah ( Ringkasan Materi )

Ringkasan Materi Bahasa Jawa
Sesorah (Kelas XI semester 1)


1.Pangerten 
Sesorah yaiku micara gagasan utawa panemu sarana lisan ana ngarepe wong akeh. Sesorah ana ing Bahasa Indonesia jenenge pidato. Sesorah iku katindhaake ana ing acara formal.Sesorah katindakake wong jawa.utamane menawa ana upacara adat.Upacara adat kang butuhake acara sesorah yaiku :

a.Upacara mantenan jangkep.
b.Sunatan ( Supitan )
c.upacara sedekah gunung, lan sapanunggalane.

2.Jenis Pidhato/Sesorah
a.miturut gunan, sesorah kabagi dadi piranh-pirang jinis, yaiku : sabdatama(sesorah tunggal),pambagyaharja(mahargya rawuhe tamu),tanggap wacana(sesorah kang kudu antuk tanggapan)
b.miturut ancase pidato
1.atur pambagya : sesorah kangge nampi rawuhipun para tamu,wonten ing acara menapa kemawon,umpaminipun:ing pahargyan (pesta),sukuran, lsp
2.alur kabar,pawarta utawi informasi
Informasi saget arupi palapuran utawi nyariosaken satunggale bab dhateng pamiaraa, pramila bab i gkang kawedharaken kedah gamblang/cetha.
Tuladha:sesorah ing rapat,promosi barang,lansakpanunggalane.
3.atur panglipur/hiburan ( ancasipun supadoa ingkang mirengaken remen penggalihipun)
Tuladha:ing layatan, atut saking pambela sungkawa.
4.Pangajak
Ancasipun supados ingkang mirengake pitados.kapilut manahipun saengga purun nindakaken menapa ingkang dipunwedharaken.
Tuladha: Panyuluhan Kesehatan
3.Perangane Sesorah
Supados anggenipun sesorah saget runtut,prayogane mangerteni rantamane sesorah.rantamane sesorah yaiku :
A.Uluk Salam(nuqun,kulanuwun, sugeng ndalu lan sanese )
B.Purwaka( puji syukur kagem gusti lan panuwun kagem para tamu)
C.Isi / wigatining atur ( ngandarake ancasing acara kang dipuntindakaken)
D.Pangarep - arep ( panyuwun utawi pangajeng - ajeng saking tiyang kang kagungan kersa dhateng para tamu )
E.Panutup(isi atur panuwun )

4.Cengkorongane Sesorah
Urutane Cengkorongan
a.salam pembuka ( ngucapake uluk salam)
b.purwaka(isine ucapan syukur)
c.isi/wigatining atur( bab apa wae kanv badhe diaturaken )
d.pangarep - arep ( isine bab lang diauwunake marang para tamune umpamane donga lan pitutur.





Baca selengkapnya ...

Setunggal Pepingin

Umpami wonten dinten kang utami
Kula nyuwun sewu dinten
Senajan wekdal sampun kalampahan
Kathah bayangan ingkang dereng kasembadan.

Dinten niki nenggo setunggal pepingin
Nanging...
Gusti dereng maringi ridha
Kula kedah sabar...
Sabar sak utawis

Nenggo kasempatan setunggal tahun malih
Ananging senajan dangu mboten napa
Kalih raos bingah lan sedanten harap
Bakal kula tenggo
Kanthi sabar lan ikhlas
 
Ing sepertiga ndalu punika
Mboten salah to...
Umpami kula nyuwun dumateng Gusti
Ya Robbi tuntun kula ...
Ngudi rasa lan sakyuta impian

Ngarep urip kang prayogi
Nggadahi tujuan kang sae
Mugi sedoyo uneg wonten ati
Saget terwakili
Kaliyan donga suci ing tengah wengi

Mugio kasembadan
Amin
Baca selengkapnya ...
Designed Template By Blogger Templates - Powered by BeGeEm