Breaking News

Jumat, 30 Juni 2017

Ngintik Sakedik Cariyos Kupat lan Lepet

Alhamdullillahirobil alamin....
Wonten ing siang menika taksih ngraosaken kesehatan lan nikmat saking Allah Swt. suasana lebaran utawi bodo taksih karaos wonten manah kita. Sinambi godog kupat lan lepet lan nenggo masakipun. kula badhe nyerat cariyos Kupat lan lepet. Kula pertados mungkin hasilipun nyerat kathah sanget kekiranganipun nanging mboten dados menopo nggeh?

Ngintip Cariyos Kupat lan Lepet

Kaliyan nikmati liburan lan ngraosaken suasana silaturahmi kaliyan keluarga sampun romaos bingah sanget. Pangapunten kula aturaken kagem sedaya ingkang nglodangaken wekdalipun maos coretan ingkang tebih saking sampurna saking kawula. Sampun lumayan dangu mboten nyerat, saklerese wonten raos kangen sanget sami kaliyan kula ngraosaken kangen kalih panjenengan hahaha...sinten kinten-kinten geh?

Wekdal punika taksih wekdal riyaya mboten wonten klentunipun menawi kula ngaturaken lepat kula kagem sedaya bapak Guru wonten ing BGM pak guru Lativi, pak guru Alam Endah, pak Guru Al-Fata, pak Guru Masdad, bunda amel, mb ayu, bu Nining, pak Taufiq, lan rencang sedanten ingkang mboten saget kula sebat. Sepindah malih ngaturaken Gilir Gumanti padhang tetrawangan ing wayah ratri, kawula ngaturken sugeng riyadin sugeng karaharjan, rena ing penggalih kawula nyuwun agunging samudra pangaksama lahir trusing bathos, migio tansah winengku ingvkaraharyon lan widada sambikala. selajenge pangapunten menawi telat tugasipun hahaha...

Sampun dhahar kupat napa dereng? Monggo sami dahar kupat wonten siang menika.
Kupat kaliyan lepet inggih punika dhaharan tradisional saking tlatah Jawi. Piyantun Jawa/leluhur Jawa kagungan istilah, satindhak sapecak anggone paring tuladha kagem putra lan wayahipun (cucu). Kanthi pralambang, pasemon, ugi mawa simbol. Salah satunggale watak piyantun Jawi inggih punika Lantip ing panggaruta, alus ing suba sito, tata krama lan solah bawa. Sak lakune utawi tindhak lampahe mesthi dipun penggalih riyin kanthi wening ing saklebete pikir. Mboten angger mlampah semau gue dong hahaha..lan mboten asal tumindak. Laku brata lan laku pasa mungguhing tiyang Jawi sampun kados sekul lan jangan (sudah seperti nasi sama sayurnya) ugi dados pakulinan/kebiasaan.

Laku pasa ugi laku Bratawonten ing Jawa dipun laksanaaken piyantun kang nggadahi pangangkah utawi sinedya (cita-cita kang minulya) dalam bahasa indonesia mempunyai cita-cita kang Luhur. Piyantun jawi mesthi nglampahi laku siam mutih, siam ngebleng, siam senin kamis lan siam sanesipun. Cundhuk kaliyan lampahipun piyantun Jawi menika. Ajaran Agama Islam ingkang nggadahi ajaran nglampahi siam wonten ing wulan Ramadlan. Kagem piyantun Jawa nglampahi Siam Ramadlan mboten perkawis ingkang werat lan angel. Malah cocok ugi trep kaliyan kahanan, pakulinan, adat lan budaya Jawa.
Kagem nglamapahi Rukun Islam, Para wali yasa wonten ing tembang “Ilir-Ilir” Wonten ing tembang niku wau wonten syair kang gatranipun kadhos makaten :
Cah angon, cah angon penekna blimbing kuwi
Lunyu –lunyu penekna, kanggo mbasuh dodot ira 

Saindenging Jagar Jawa, ingkang dipun wastani blimbing mesthi ana limang lining. Liningan niku cacahipun wonten gangsal ( semua blimbing pasti mempunyai 5 garisan ). Liningan kang wonten cacahipun gangsal menika nggambarake menawi Rukun Islam niku wonten gangsal cacahipun. Sedanten nggambarake Tembung kalimat Syahadat, wonten ing istilah pewayangan dipunwujudaken lumantar pusakanipun Punthadewa kang aran “Jimat kalimasada”. Ilat Jawi yen dipun dhawuhi mungel “kalimah syahadah” niku kangelan dadosipun “kalimasada”.

Saksampune nglampahi siam sewulan wontene kanthi raos bingah sami ngrayaake dinten kemenangan kang arane bada. Wonten ingkang nyebat bakda utawi lebaran. Wonten ing bada niku, sakwontene piyantun jawi kapara sak Indonesia mesthi damel kupat lan lepet. Panjenengan damel mboten ? heheh...

Sunan Kalijaga piyantun kang sepindhahan ngenalaken wonten ing masyarakat Jawa. Sunan Kalijaga maringi tradisi ingkang taksih dipun uri – uri masyarakat Jawi. Inggih punika kaping @2 BAKDA, Bakda lebaran lan Bakda Kupat kang dipun wiwiti seminggu sak bakdane Lebaran.

Tumprapipun piyantun Jawi, Kupat kaliyan lepet ingkang dipunnikmati wonten ing bada menika wonten maknanipun lan ugi dados pralambang lan srawunging manungsa kaliya Gusti Allah SWT, Manungsa marang manungsa sanesipun,. Kupat lan lepet menika damelipun mboten sakdrema didang kaya damel sekul wonten magicom utawi wonten pawon. Damel kupat lan lepet mbetahaken wekdal kanthi sabar. Damelipun kanthi cara dibuntel, ditaleni, digodog ing kwali utawa dandang kanthi suhu panas kang dhuwur mbetahaken wekdal ingkang dangu sanget sahengga kupat lan lepet saget mateng. Menawi nggodogipun dsekedap mboten taneg, kupat lan lepet mboten eco raosipun ugi kepyar ora lengket. Proses, wujud, lan tegesipun saget nyukani tuladha mekaten :

Sakdangune setahun kita nglampahi tindhak laku, mestinipun wonten tumindak kang sae lan awon ( Selama kita melakukan sikap dan tingkah laku pastinya ada kesalahan dan kebenaran yang telah kita lakukan ). Saelan awon kagem Gusti Allah SWT ugi sae kaliyan awon kaliyan sesami kita. Tuldhanipun kita dipun lebetaken wonten kawah candradimuka kagem nglebar sedantenipun kita nglampahi siam wonten ing wulan Ramadlan. Kados kupat lepet ingkang digodog kanthi molak-malik kersane mateng. Semanten ugi kula lan panjenengan dipun didik wonten kawah candradimuka ingkang mujudaken hubungan kita kaliyan Pangeran. Hablunminalloh...

Dene wujudipun kupat kaliyan lepet menika sanajan asalipun saking uwos ( beras ) lan saka ketan, salwise digodog wujudipun mboten uwoslan ketan malih. Sampun mboten ijen ananging sampun makempal. Benten kaliyan sekul kang dipun masak biasa wujudipun taksih kepyar malih. Wujud kanthi mekaten monggo damel penggalih ingging menika kedah saget merenung, menghayati saksampune sewulan pasa kita saget nyuwun pangapunten kaliyan sesami kekancan kersane saget lengket kados kupat lan lepet. Sedanten saget dipunwujudaken kaliyan silaturahmi ampun gamping anggenipun crah, cengkah, lan regejegansaengga saget mecah persatuan lan kesatuan. Hablunminnas...

Pripun sampun ngraosaken kupat enjang menika ..heheheh

KUPAT 

Kupat kereta basane Kula lepat
Ana ing Filosofi Jawa, ketupat kagungan arti ingkang khusus. Ketupat utawi kupat Nggadahi arti Ngaku lepat dan laku Papat. Ngaku Lepat artosipun purun rumaos bilih kagungan klentu utawi salah. Maksutipun kita selaku tiyang Jawi yen panci kagungan kaluputan kedah purun nyuwun pangapunten. Mboten tumindhak sesongaran, gumedhe, kuminter, kumalungkug, sapa sira sapa igsun. Mboten paren mirsani pangkat lan drajadipun. Menawi kagungan luput kedah purun ngakoni luput. Banjur kedah purun nyuwun pangapunten. Laku Papat kagungan teges sekawan Tindakan. 

*Ngaku Lepat* 

Wonten ing dinten riyadin wonten tradisi kang mboten saget uwal saking manahipun Jiwa piyantun jawi inggih punika Tradisi Sungkeman ingkang dados Implementasi ngaku lepat (Mengakui kesalahan) kagem piyantun Jawa. 

*Laku Papat* 

1. Lebaran
2. Luberan
3. Leburan
4. Laburan 

LEBARAN : Sampun dangan angsale kita ngraosaken Ariyaya, tandane inggih punika rampungipun wanci Ramadlan utawi puasa. 

LUBERAN : Meluber atau melimpah , artosipun turah artosipun ngajak kagem sedaya kaum muslimin supados kersa bersedekah kagem kaum fakir miskin. Kanthi wontenipun Zakat Fitrah. 

LABURAN : Saking kata labur, kanthi tanda kapur ingkang sampun sering dipun ginaaken kagem ngilangake buthek wonten ing toya, saget ugi damel pemutih wonten ing dinding utawi tembok. Maksutipun inggih punika kita saget njagi sucinipun lahir lan bathin kita.
 
LEPET  

Lepet niku salahsatunggaling dhaharan tradisional ingkang didamel saking beras ketan kang dipunbungkus kaliyan janur. Saget dipunpahami umpami wonten lepet mesthi ugi wonten kupat. Wonten ing Laladan Grobogan biasanipun dipundamel wonten wanci pitungdinten sakbadane riyaya utawi lebaran/IdulFitri lan sakbakdane asring dipun sebat “Bada Kupat“, nalika Bada kupat ing Grobogan dipunwontenaken Bancakan ngagem ambengan kupat lan lepet. Asmane wonten daerah Grobogan saget dipun sebat kaliyan Bada Kecil (Hari raya Kecil). Lepet = silep kang rapet.Mangga dipun silep ingkang rapet, artosipun mari kita kupur / tutup yang rapat.

Arti kata niki wau kagungan makna inggih punika ngrampungakensedaya kalepatan utawi kesalahan ingkang sampun dipun ngapura ampun dipun baleni maleh, tujuanipun namun manunggal dados sakwiji kanti sae maleh kang dipun lambangaken kaliyan dhaharan saking ketan lan saget kanthil utawi lengket kados lepet. Menika sedanten saking peran Para Wali ingkang kerso berjuang kagem ngenalake Agama islam. 

Sabtu Pahing, 7 Syawal 1438 H

2 komentar:

Designed Template By Blogger Templates - Powered by BeGeEm