Sabtu, 31 Mei 2025

Breaking News
>> Nyuwun ridlonipun Alllah SWT lumantar Peringatan HUT RI ke 72  >> Soal Latihan UTS 1 Bahasa Jawa Kelas 4  >> Sinau Arabic Enable ana ing BDK Semarang  >> Sejarah Kabupaten Grobogan  >> Muhasabah Ngripto Ati Sak Utawis   >> Ngangsu Kawruh wonten BDK Semarang    

Senin, 01 Mei 2017

Tangise Bocah Njlentora

Sore iki...

tembang rawat-rawat.
sinambi wara-wara
suk mben nek wes titi mangsa
dwi panca
bakal ana lelakon ngedab-edabi

bocah-bocah
sing tengah pisanan
bakal andon yuda
bakal ngasah trampil
bakal golek madyaning bebener

nalika…..mengko…….
bocah njenthora bakal nangis
Mbrebes mili rupa luh getih
dleweran………
Ora bisa mandheg

piye kok bisa..
kedadeyan kaya mangkono….???
Piye kok bisa...
Pitakonan kang mlesat
Ora antuk jawab

kamangka dhek jaman biyen
kuwi dina siningker
aku,kowe,kita
bakal atur panuwun
marang bocah njenthora

ning…sapa sing bakal wani...
Sapa kang bisa uwal...
Sapa kang bisa mbantah...
madoni….???????
Sapa....... aku dak weruh

ya ing kene tinemu...

bubrah tatanan
Bubrah bayangan
Bubrah kepinginan
Bubrah kalaksanan
Bubrah tataran

muga-muga Gusti paring pitedah
ing Prayagung kang kawogan

Gustiiiii……..
kula nyuwun.........

Yunia 01052017

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Designed Template By Seo Blogger Templates - Powered by BeGeEm