Breaking News

Senin, 01 Mei 2017

Pengetan Dinten Pendhidikan

Mbenjang tanggal 2 mei 2017, badhe wonten pengetan dinten pendidikhan nasional.wonten ing madarasah, kecamatan,ugi skolahan umum sanese sami sami mengeti dinten pendhidikan Nasional

Ing wekdal punika kula badhe medharaken bab pengetan Hardiknas lan dinten kebangkitan Nasional. Wonten ing pengetan dinten ageng punika kita sedaya saged mirsani bilih bangsa kita inggih bangsa indonesia taksih ketinggalan menewi dipunbandingaken kaliyan bangsa sanes. Kita minangka warga Indonesia ingkang "terpelajar" kedah saged ngrekadaya kangge mejangaken bangsa indonesia. Kanthi ketrampilan lan pengetahuan ingkang kita saget.

Kita sedaya tamtu taksih emut kaliyan Bapak pendidikan nasional inggih punika Bapak Ki Hajar Dewantara, ingkang ageng sanged jasanipun tumrap pendidikan. Salah satunggalipun inggih punika ngedegaken sekolah Taman siswa ingkang nggadhah prinsip

"Ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa, Tut wuri handayani"

Prinsip punika taksih dipunagem ing donya 
Nalika jaman penjajahan mengsahipun bangsa kita inggih punika para penjajah. Para pahlawan berjuang nglawan penjajah kangge kamardikan bangsa nanging sapunika kita kedah nglawan "kebodohan", narkoba, pornografi lan sapanunggalipun, ingkang saged ngrusak moral generasi mudha lan saged mbebayan tumrap kamajengan pendidikan.

Kados pundi caranipun supados  kebodohan saget ical mtu kemawon mboten namung kita nanging pamarentah ugi kedah cawe cawe supados aslinipun langkung sae. Kanthi cara punapa ?
  1. Pamarentah sampun nyanangaken wajib belajar 12 tahun. Kanthi kahanan meniko sampun dados kuwajiban kita sebagai guru madrasah dherek nguri nguru lan nyuksesake tujuan pamarentah.
  2. Pamarentah ngedegaken sekolah sekolah wiwit TK ngantos Perguruan tinggi
  3. Pamarentah maringi bantuan sekolah ugi beasiswa dhumateng para siswa ingkang kacingkrangan nanging nggadhadi prestasi.

 Kita sedaya kedah ngregani jasa jasanipun para pahlawan. Ananging boten namung ziarah wonten pasaraenipun utawi upacara mangeti dintin ageng nasional kemawon, nanging saged kanthi cara :

  1. Kita minangka pelajar lan guru  kedah sinau ingkang sregep.
  2. Saget ngginakake wekdal kanthi sae kangge nambah kawruh
  3. Ningkataken iman lan taqwa
  4. Merangi narkoba, pornografi lan sapanunglipun ingkang saged ngrisak moral kita.
Menawi kita sareng sareng merangi kebodohan mugi mugi para generasi mudha saget nglajengakan perjuanganipun para pahlawan lumantar ilmu ingkang migunani kangge bangsa lan Negara. Sumangga kita buktekaken menawi generasi mudha negara indonesia punika generasi mudha indkang cerdas, tangkas, saha nggadhadi budi pekerti luhur.

Kagem sedaya guru wonten indonesia
Sugeng mengeti dinten Pendhidikan Nasional geh... 

Yunia 02052017

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Designed Template By Blogger Templates - Powered by BeGeEm