Breaking News

Jumat, 07 April 2017

Urip mung Sakderma

Ora bisa turu...
Latihan opo iki kira -kira

Gawe geguritan ahh...

Sepi wengi iki
nuntun tanganku
Menei coretan ana kertas lembaran putih
Laku urip siji baka siji linambaran ana ing pikir


Ora bisa owah ....
manungsa kabeh wes enek pestine
Tibo keloro loro banjur tangi dewe
Golek cara piye supaya bisa uwal saka coba
Nanging kabeh iku wea ginaris

Kabeh laku pacoban urip kang kudu disyukuri
Manungsa amung bisa narima
Kabeh wes ginaris
Ojo den siro lali Gusti kang murbeng Dumadi

Urip ana ndunya ora mulyo
ing tembe mburi mesti bakal tekan pati

Wes dienggo latihan disik ya...
Ketimbang ora ono seng ditulia.
Ngendikane pak guru Alam Endah ..
Nulis ora kudu apik seng penting sering latihan.

Mergo blog iki sarana kanggo latihan.
Matursbah muwun bapak guru Lativi AL, Bapak guru Al Fata, Pak guru Masdad, lan rencang rencang sedanten .

Sumangga kanti raos seneng lan syukur. Monggo kanthi sesarengan sami ngudi kwaruh wonten ing BGM L1..

Matur sembah nuwun


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Designed Template By Blogger Templates - Powered by BeGeEm