Breaking News

Jumat, 07 April 2017

Nyuwun donga Tangga Teparo

Tradisi Jawa akeh wujudipun. Yen arep duwe gawe kayata netakae(sunat) lan nikahake anak. kenduren,khajatan,slametan mangkono sering disubut iatilahe.Tradisi iku duwe ancas Nyuwun berkah lan keslametane saking Allah SWT tumpraping gawe utawa niat hajat kang badhe katindakake kanthi lumantar donga. 

Nyuwun donga Tangga Teparo

Pandongane ora mung katindhaake dening keluwarga,Nanging, tangga teparo,sesepuh, Pak lurah dijaluki tulung supaya bisa bebarengan dongakkake. Sakdurunge acara khajatan/slametan/kendhuren undangan diwenehake utawa dikabari arupa lisan marang tangga teparo kang dijaluki tulung ndedonga bebarengan. Jam wes katemtokake. Miturut pengalaman kang wes lumaku nganti saiki,tangga teparo kang diundang mau teko utawi rawuh ngepasi jam.

Yen kabeh wis padha nglumpuk,acara diwiwiti.Tetuwa kampung,biasane modin, kang mimpin donga utawa acara, saka wiwitan nganti pungkasan.Ing wiwitan acara kadus utawa kamituo kampung menehi ngerti marang undangan bab apa kang dadi kekarepane kang duwe gawe.Sakbanjure terus mimpin undangan dedonga marang Allah SWT, yasin,tahlil kan ditambahi nganggo donga kang bahasane Jawa.

Kang rawuh ing acara slametan yen dongane wes rampung, leren sakwetara, nganakake ramah-tamah. Ing kono kang duwe gawe atur pasogatan.Ana teh angey lan jajanan macem-macem.Jajanan biasane diwadahi piring, didhahar bebarengan.

Jajane maneka warna ana jajan saka toko , ana jajan gawean dewe kayoto kacang goreng, roti, lemper,wajik, lan yen usum woh - wohan, kala -kala ana melon, semangka, salak, jambu air, pisang lan lspt. Yen wis diincipi jajan kang disogatake utawa dicawisake kabeh undangan terus padha bali.

Baline digawani "brekat" arupa kerdus, besek, utawa wakul plastik kang isine sego,iwak,sayur lan uborampene.saben wong siji gawa siji. Ananging menawa ana tangga kang ora bisa teko 8ng acara. Kang omahe cedak omahe dititipi kanggo seng ora teko ki mau.Dadi kang bali enek seng nggawa siji.lan ono seng dobel.

Sawise khajatan, kang duwe gawe biasane langsung nrima tamu kang buwoh (nyumabng). Biwah iku enek isine dhuwet. Yen ora ngono sesuk pas mulai due gawe kabeh tamu moro kato nggawa buwohan.

Dadi sakbubare khajatan terus katindakake due gawe utawa ramenan. Kang melu khajatan utawa slametan terus katindakake due Gawe.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Designed Template By Blogger Templates - Powered by BeGeEm