Sabtu, 24 Mei 2025

Breaking News
>> Nyuwun ridlonipun Alllah SWT lumantar Peringatan HUT RI ke 72  >> Soal Latihan UTS 1 Bahasa Jawa Kelas 4  >> Sinau Arabic Enable ana ing BDK Semarang  >> Sejarah Kabupaten Grobogan  >> Muhasabah Ngripto Ati Sak Utawis   >> Ngangsu Kawruh wonten BDK Semarang    

Sabtu, 08 April 2017

Welinge Simbok

Latihan gawe geguritan meneh karo nunggu subuh..  Kita kudu nguri -nguri Budaya Jawa
Bocah -bocah ya bisa kok gawe geguritan dewe. Ayo latihan yo...


Jago kluruk ...kukuruyuk
Wayah rino wes ngawe awe
Wayah manungsa pada nyambut gawe
Seng bocah siap olehe budal sekolah
Ah...........

Manungsa urip mung sakderma wayang
Kang kudu siap ngenteni lakon
Soko Pak dalang
Aq kelingan pituture simbok

Nduk...
ojo gampang kagetan
Ojo gampang gumunan
Ojo wedinan

Dadio bocah seng kendel ya
Pikiran seng madhep kabecikan
Linuweh mulya
Urip bakal adem, ayem lan tentrem
 
                                     Kagutit : Zahara Ariska





Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Designed Template By Seo Blogger Templates - Powered by BeGeEm